Ken Dedes

Ken Dedes ialah putri Pandita Buddha sing manggon nang salah siji desa nang Kadipaten Tumapel.

Asal Usul

Jeneng Pandita Budha kuwe ialah [[Mpu Purwa]]. Putri Mpu Purwa kiye terkenal ayu pisan.

Konon ana ramalan, nek sekang rahim putri Mpu Purwa kuwe bakal lair raja-raja gedhe tanah Jawa. Ramalan kuwe wis nyebar maring endi-endi termasuk nang Istana Kadipaten Tumapel. Tertarik karo ramalan kuwe juga karo pesona Ken Dedes, Akuwu (sedrajat karo Adipati) Tumapel Tunggul Ametung akhire nyusun rencana, pas Mpu Purwa lagi lunga mertapa nang alas, pasukan Tunggul Ametung sing dipimpin salah siji prajurite [[Ken Angrok]] nyulik Ken Dedes terus digawa ming Istana Kadipaten. Dong kedaden penculikan kuwe Ken Dedes pertama kali ndeleng Ken Arok. Ken Dedes mandan terkesima ndeleng prajurit sing gagah lan ganteng kuwe. Ken

Arok juga padha baen, dheweke langsung ngerasa mabuk kepayang. Bar  

tekan nang Istana Kadipaten, Akuwu Tunggul Ametung ora bisa nahan, dheweke langsung kawin karo Ken Dedes sing pancen duwe daya pikat sing luar biasa. Ken Dedes juga seneng bisa dadi Permaisuri Akuwu.

Mpu Purwa kesuh banget, Pandita kiye akhire mengutuk Tunggul Ametung

ben mengko matine kuwe ialah mati dibunuh. 

Ken Dedes - Ken Arok

Dong Ken Dedes lagi hamil nom, Tunggul Ametung ngajak Ken Dedes plesiran ming taman Baboji. Ken Angrok sebagai prajurit pengawal ngewangi masang bangku cilik kanggo tangga mudun sekang kereta. Wektu kuwe mbuh sengaja mbuh ora, kain Ken Dedes kesingkep sethithik, Ken Arok ndeleng kaya ana sinar sing metu sekang pangkal sikil Ken Dedes. Mbengine, Ken Arok crita perkara kuwe maring ayah angkate Lohgawe. Lohgawe terus crita nek wadon kaya kuwe biasane bisa nggawa kekuasaan. Ken Arok dadi kepengin, dheweke pun bersumpah lan bertekad nek mengko Ken Dedes kudu dadi bojone ora perduli kepriwe carane.

Babad Ken Dedes - Ken Arok Versi Liya Ken Dedes ialah putri Pandita Buddha sing manggon nang salah siji desa nang Kadipaten Tumapel. Jeneng Pandita Budha kuwe ialah Mpu Purwa. Putri Mpu Purwa kiye terkenal ayu pisan.

Konon ana ramalan, nek sekang rahim putri Mpu Purwa kuwe bakal lair raja-raja gedhe tanah Jawa. Ramalan kuwe wis nyebar maring endi-endi termasuk nang Istana Kadipaten Tumapel. Tertarik karo ramalan kuwe juga karo pesona Ken Dedes, Akuwu (sedrajat karo Adipati) Tumapel Tunggul Ametung akhire nyusun rencana, pas Mpu Purwa lagi lunga mertapa nang alas, pasukan Tunggul Ametung sing dipimpin salah siji prajurite Ken Angrok nyulik Ken Dedes terus digawa ming Istana Kadipaten. Dong kedaden penculikan kuwe Ken Dedes pertama kali ndeleng Ken Arok. Ken Dedes mandan terkesima ndeleng prajurit sing gagah lan ganteng kuwe. Ken Arok juga padha baen, dheweke langsung ngerasa mabuk kepayang. Bar tekan nang Istana Kadipaten, Akuwu Tunggul Ametung ora bisa nahan, dheweke langsung kawin karo Ken Dedes sing pancen duwe daya pikat sing luar biasa. Ken Dedes juga seneng bisa dadi Permaisuri Akuwu.

Keturunan Ken Dedes

  • Anusapati (Panji Anengah Kidal) sekang Tunggul Ametung,
  • Mahesa Wong Ateleng, (Sekang Ken Arok ?)
  • Panji Saprang,
  • Agnibhaya,
  • Putri.

Seliyane Anusapati, papat terakhir kuwe ora nana catetan sejarah sapa ramane, kecuali Mahesa Wong Ateleng sing disebut-sebut putra sekang Ken Angrok (Ken Arok).

Arca Prajnaparamita

Arca Prajnaparamita ialah arca sing digawe kanggo nggambaraken Ken Dedes bojo Ken Arok. Ken Arok kiye ialah Raja Singhasari sing nganggo gelar Rajasa Amurwabhumi (1227-1227 M). Nang kitab-kitab sastra Jawa kuna, pancen akeh catetan bab ayune Ken Dedes kuwe.

Gambaran Ken Dedes nang arca Prajnaparamita ialah: nom, ayu, klasik lan anggun. Busanane digawe sekang bahan sing alus, nganggo nupura (cincin sikil gelang sikil), kali bandha (ikat pinggul), hara (kalung), keyura (kelat bahu), kankana (gelang), karo kundala (anting-anting sing digawe sekang untaian mutiara).

Ken Dedes juga digambaraken duwe pancaran mata sing lembut, gerak lan lekuk tubuh sing luwes juga lembut sing bisa nimbulaken ketenangan sapa baen sing medheki.

Nang agama Budha Prajnaparamita dianggep sebagai Sekti Buddha paling dhuwur ialah Adibuddha. Prajnaparamita juga dianggep sebagai simbol elmu pengetahuan, mulane nang ikonografine Prajnaparamita mesthi digambaraken nggawa Utpala sing ana pustaka / kitab nang duwure. Sebagai dewi elmu pengetahuan, Prajnaparamita juga dianggep mampu ngusir kegelapan (kebodohan) berobah dadi terang benderang (duwe elmu oengetahuan). Prajnaparamita juga dipuja sebagai Dewi Kedamaian.

Prajnaparamita terkenal merga peranan-peranane kuwe, mulane akeh dipuja lan dadi populer banget nang pemeluk agama Buddha.

Arca Prajnaparamita ialah arca koleksi Museum Mpu Tantular sing jane mung arca replika, Arca asline dadi koleksi Museum Nasional Jakarta.

Gambar Arca Prajnaparamita.



mBalik ming:

{{en:Ken Dedes]]

Tags:

Ken Dedes Asal UsulKen Dedes - Ken ArokKen Dedes Keturunan Ken Dedes Arca PrajnaparamitaKen Dedes

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

24 MaretRinginrejo, KediriDaftar Paus Gereja Katolik RomaPutty NoorKota YogyakartaDaftar Presiden IndonesiaMyanmarLarantuka, Flores TimurKecamatanTata SuryaPiala Donya Sepak BolaKabupaten WonogiriLowokwaru, MalangAdam MalikCiseeng, BogorBasa InggrisStasiun Semarang TawangDaftar Gubernur Sulawesi SelatanDaftar Gubernur Kalimantan TimurAjibarang, BanyumasbahamaPersekutuan Gereja-gereja di IndonesiaSuku MelayuLibya1802Sejarah semar dalam basa sundaWikimedhiaLima, PeruAbdurrahman WahidAfrika Kidul1677Bal-balanKaranganyar, KebumenKeraton KasepuhanKabupaten PemalangSumpiuh, BanyumasKemranjen, BanyumasDaftar kabupaten lan kota nang Papua BaratJawa TengahPurworejo, PurworejoCiparay, BandungNagrak, SukabumiArjunaShia LaBeoufKabupaten BogorDaftar kabupaten lan kota nang Sulawesi Selatan2 Januari1672Gunung Putri, Bogor27 MeiMa'ruf Amin18271064Republik Demokratik KongoKota PekanbaruEkonomiJawa826Kendall JennerKartasura, SukoharjoKabupaten MajalengkaMarco PoloUngaran, SemarangPerang Donya IIAnomanRusiaTsunamiKabupaten KaranganyarJawa Kulon🡆 More