Pelem

Pelem kuwe jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.

Pelem klebu nang marga Mangifera, sing kapérang sekang 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae. Jeneng èlmiyahé yakuwe Mangifera indica.

?Pelem
Woh pelem gedhong, sekang Sumedang, Jawa Kulon
Woh pelem gedhong, sekang Sumedang, Jawa Kulon
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Genus: Mangifera
Spesies: M. indica
Jeneng binomial
Mangifera indica
L.


Genus Mangifera duwé 62 ''spesies'', ningen sing ngasilna woh sing énak mung 16 species. Pelem sing dipangan awaké dhéwék saben dina, kayata pelem golèk klebu species Mangifera indica L.

Wit pelem klebu tetanduran tingkat dhuwur sing struktur watangé klebu klompok ''arboreus'', yakuwe tetanduran kayu sing dhuwuré watang luwih sekang 5 m. Dhuwuré wit pelem teyeng gutul 10-40 m lan umuré teyeng tekan 10 taun utawa luwih. Pelem sing isih nom biayasané disenengi wong meteng.

Asal

Pelem kuwe kalebu tanduran woh taunan kang asalé sekang nagara India. Tanduran pelem banjur nyebar nang tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.

Jinis kang akeh urip nang Indonesia

Klasifikasi botani pelem yaiku: Divisi : Spermatophyta Sub divisi : Angiospermae Kelas : Dicotyledonae Keluarga : Anarcadiaceae Genus : Mangifera Spesies : Mangifera spp. Jinis pelem kang nah ditandur nang Indonésia yakuwe ''Mangifera indica L''. Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kayata kemang lan kweni.

Habitat

Pusat tanduran pelem nang Pulo Jawa yakuwe nang Probolinggo, Indramayu, Cirebon. Tanduran pelem cocog urip nang dhaérah kanthi musim kering kurang luwih 3 sasi. Musim kering kiye dibutuhna sadurungé lan yen wayah ngembang. Yèn ditandur nang dhaérah kang lembab, tanduran pelem bakal kena serangan ama lan penyakit. Saliyané kuwe bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.

Asil olahan

Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akeh kang seneng pelem. Pelem kang isih nom bisa diawetna kanthi kadar gula kang nah dadi manisan basah lan kering. Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.

  • jus pelem
  • puding
  • manisan
  • asinan

Khasiat

Pelem nduwéni akeh variétas. Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem nang donya. Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga nduwéni khasiat kang migunani kanggo kaséhatan. Woh pelem nduwéni zat-zat kang dibutuhna awak.

Pelem 
A mango tree in full bloom in Kerala, India
  • ngandhut vitamin A,E lan C
  • bisa dadi disinféktan
  • ngresikki getih
  • ngobati werna-werna penyakit, ngilangi bau badan utawa awak kang kringeté rada ora énak ambuné.
  • obat yèn lagi demam lan awak panas

Bahan wacan

  • Morton, J. 1987. Mango. p. 221–239. In: Fruits of warm climates. Julia F. Morton, Miami, FL.
  • van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita. Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Referensi

Pranala njaba

Delengen Uga Who-wohan

Tags:

Pelem AsalPelem Jinis kang akeh urip nang IndonesiaPelem HabitatPelem Asil olahanPelem KhasiatPelem Bahan wacanPelem ReferensiPelem Pranala njabaPelem GalleryPelemWoh

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

1229Gedongsari, Banjarejo, Blora15791411Bermuda193028 FebruariKecamatan Rawalo1650FebruariOrganisasi1967Vatikan1246Daftar bandar udara nang Indonesia90411351607Kota Salatiga181918141870186420061942Kabupaten PurbalinggaUndang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Taun 1945Sulawesi Utara20211862Kepyar, Purwantoro, WonogiriNegaraStasiun Pasar SenenKembangsawit, Ambal, KebumenPaduroso, Purworejo, PurworejoArtikel sing dejalukSumateraNeptunusSulawesi1838Daftar Gubernur Jawa Barat1904Kitab suci1866Lajer, Penawangan, GroboganCiri & Muthu47519311808Gubernur Jawa Tengah9081891Wayang170118501507Wiracarita1849Sungkai Tengah, Lampung Utara18531988214Abad kaping-13Abepura, JayapuraBulang Tengah Suku Ulu, Musi Rawas714DesemberYogyakarta1777Ghana🡆 More