Uniform Resource Locator

URL cekakan saka Uniform Resource Locator (diterjemahaké:dadi Pelokasi Sumberdaya Sragam), iku rangkéan karakter miturut sawiji format standar tinamtu, kang dipigunakaké kanggo nuduhaké alamat sawijining sumber kaya dhokumèn lan gambar ing Internèt.

Uniform Resource Locator
Contoh URL

URL wujud sawijining inovasi dhasar tumrap perkembangan sajarah Internèt. URL pisanan diciptakaké déning Tim Berners-Lee ing taun 1991 supaya panulis-panulis dhokumèn-dhokumèn bisa ngarujuk pranala menyang Jejaring Jagad Jembar utawa World Wide Web. Wiwit taun 1994, konsèp URL wis dikembangaké dadi istilah Uniform Resource Identifier (URI) kang luwih umum sipaté. Sanadyan mangkono, istilah URL isih tetep dipigunakaké ing ngendi-endi.

Uniform Resource Locator

URL nuduhaké sumberdaya Internèt utawa alamat sawijining kaca wèb (homepage) ya iku kaca sawijining dhokumèn utawa program kang péngin ditampilaké utawa dipigunakaké. Lumrahé perlu nglebokaké telu informasi kanggo nuju menyang alamat tinamtu, ya iku:

  • Protokol,
  • Alamat Server,
  • Path File.

Pérangan pisanan URL nuduhaké protokol umpamané http:// utawa https://. Protokol iku pasetujon kang dipigunakaké kanggo komunikasi karo Hypertext Transfer Protocol. Pérangan kapindho URL nuduhaké alamat server ing ngendi sumberdaya mau dumunung, umpamané www.microsoft.com kanggo situs wèb Microsoft Corporation. Pérangan katelu URL ya iku path file, kang nuduhaké lokasi lan jeneng dhokumèn utawa program ing server mau, umpamané: kb/deskapp/word/q1974.html. ing ngendi kb/deskapp/word/ iku lokasi file lan q1974.html jeneng berkas.

Tipe URL

Ana rong tipe URL kang bisa dipigunakaké, ya iku:

  • URL Absolute (URL Absolut), wujud piranti lengkap kang nyertakaké domain ing jaringan kang tepat, direktori ing sajeroning domain, lan file ing jeroné dirèktori.
  • URL Relative (URL Relatif), nemtokaké sawijining alamat dhedhasar URL kang aktif wektu iku.

Pranala njaba

Rujkan

Tags:

Uniform Resource Locator Uniform Resource Locator Tipe URLUniform Resource Locator Pranala njabaUniform Resource Locator RujkanUniform Resource LocatorGambarInternètStandar

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DNAHasan al-BashriToby AlderweireldGunung geniTembung panyilahTembung éntarAmérika LatinCatherine Wilsonꦪꦲꦸ!JermanPaus Benediktus XVIꦱꦼꦱꦗꦺꦤ꧀Hasyim Asy'arieAsem asetatIsah-isahKerisJalur SutraWikiKempulImam BonjolOrong-orongLesmanaHagia SophiaPariwaraꦏꦫꦮꦶꦠꦤ꧀KunthiSandhanganLos AngelesMohammad Husni ThamrinPimchanok Leuwisedpaibool (Fern)Nella KharismaPrastawaReal BetisRobin WilliamsGambangLadya CherylNathan Tjoe-A-OnꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮShigeo TokudaTembung sarojaFreya JayawardanaLembaga Pemerintah Non DepartemenJawawutUwedSaronNagita SlavinaSawahMesir KunaJoglo pèncuWikimaniaMohammed Sameer LamiMohammad Hattaꦏꦼꦩ꧀ꦥꦾꦁGoogle ChromeHibiki ŌtsukiBagongErling HaalandYérusalemElektronikaÉkosistemNyadranStray KidsAndre TaulanyTitilarasIwan FalsAllahJoko WidodoArtikelAnies BaswedanDelimaAngkatan Dharat🡆 More