Sir Timothy John Tim Berners-Lee, KBE (TimBL utawi TBL) (miyos ing London, Inggris, 8 Juni 1955) punika panemu World Wide Web lan ketua World Wide Web Consortium, ingkang ngatur pawiyaranipun.
Sir Tim Berners-Lee OM, KBE, FRS, FREng, FRSA | |
---|---|
Lair | Timothy John Berners-Lee 8 Juni 1955 London, Inggris |
Padunungan | Massachusetts, A.S. |
Bangsa | Britania |
Alma mater | Queen's College, Oxford |
Pakaryan | Ilmuwan komputer |
Pawéh pakaryan |
|
Kondhang ing |
|
Profesor | |
Wong tuwa |
|
Sana jaringan | www |
Taun 1980, nalika taksih dados kontraktor bébas ing CERN, Berners-Lee ngajengaken satunggaling proyék ingkang basisipun konsép hiperteks (hypertext) kanggé masilitasi pambagéyan lan pangénggalan informasi ing antawisipun para panliti. Kanthi pambiyantu saking Robert Cailliau, panjenenganipun nyiptaaken sistem prototipe namanipun Enquire.
Sasampunipun ninggalaken CERN kanggé makarya ing John Poole's Image Computer Systems Ltd, panjenenganipun kundur malih taun 1984 dados satunggaling rencang panliti. Panjenengaipun migunaaken gagasan ingkang mèmper kaliyan ingkang sampun panjenenangipun pigunaaken ing Enquire kanggé nyiptaaken World Wide Web, panjenengaipun ndhesain lan yasa browser sepisanan (namanipun WorldWideWeb lan dipunwiyaraken ing NeXTSTEP) lan server web sepisanan ingkang namanipun httpd.
Situs web sepisanan ingkang dipundamel Berners-Lee (lan awit saking punika ugi wujud situs web sepisanan) alamatipun ing http://info.cern.ch/ (sampun dipunarsipaken) lan dipunlebetaken online sepisananipun tanggal 6 Agustus 1991.
Taun 1994, Berners-Lee ngedegaken World Wide Web Consortium (W3C) ing Massachusetts Institute of Technology.
Dugi sapunika, Berners-Lee taksih tetep andhap asor lan boten gadhah pepénginan kanggé pikantuk status populér. Kathah ingkang taksih boten mangertosi kekiyatan karyanipun priantun puniki, World Wide Web.
Salah satunggiling kontribusi paling agengipun salebeting majengaken World Wide Web inggih punika kanthi boten matènaken saéngga taksih saged dipungiunaaken kanthi bébas.
Tanggal 16 Juli 2004 panjenenganipun dipunparingi gelar kinurmatan KBE déning Ratu Elizabeth II kanggé pakurmatan dhumateng jasa-jasanipun.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Tim Berners-Lee, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.