Turi

Turi (Sesbania grandiflora syn.

Turi
Turi
Turi
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Faboideae
Tribe: Robinieae
Génus: Sesbania
Spésies: S. grandiflora
Jeneng binomial
Sesbania grandiflora
(L.) Poiret

Aeschynomene grandiflora) wujud wit cilik (dhuwur bisa tekan 10m). Asal dinuga saka Asia Kidul lan Asia Kidul-wétan nanging saiki wis kasebar menyang manéka laladan tropis donya.

Wangun wujud wit kanthi pacawangan arang, cawang ndhatar, watang utama jejeg, tajuk cenderung saya dhuwur, godhong nyirip gandha. Kembangé kasusun majemuk, makutha awerna putih, tipe kupu khas Faboideae. Woh polong, nggantung.

Turi dimupangataké minangka wit pangayom dalan utawa pekarangan. Godhong lan kembangé bisa dijangan. Kembangé lumrahé digunakaké sajeroning masakan pecel. Kulit watang turi duwé khasiyat minangka obat radhang usus, obat seriawan lan obat kudhis.

Woh kembang iki bisa kanggo obat sirah ngelu, adhem-atis mriyang, nifas, bèri-bèri, watuk, radhang gorokan, lan keputihan. Kulité kembang bisa kanggo obat radhang usus, ngising getih, kudhis, sariawan. Kabèh perangané kembang iki kanggo obat disentri.

Jeneng-jeneng lokal ing Indonésia nyakup turi (Jawa Tengah), turi (Pasundan), toroi (Madura), tuwi, suri (Mongondow), uliango (Gorontalo), gorgogua (Buol), kayu jawa (Baree, Makasar), ajutaluma (Bugis), palawu (Bima), tanunu (Sumba), gala-gala (Timor), tun (Ternate, Tidore).

Turi
Kembang turi, saka varietas kang kembange abang

Cathetan sikil

Pranata njaba


Tags:

Asia KidulAsia Kidul-wétanTropisWit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BendiLinuxPersijap JeparaJakaTandha kapangkatan TNI Angkatan DharatPratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaSerat BimapaksaNew PallapaWikisumberYahoo!ManungsaWikipédia basa JawaDracula (novel)JihadUtahSetuWoodrow WilsonMerkuriusWikiquoteRachel AmandaBasa Hawai'iGunawan SudradjatWong JawaPlexus brachialis1991SusuFrancesco RediLintas platformKabupatèn Konawé KidulMurad IIBasa IndonésiaSkleraPersija JakartaSanna MarinDedi NatadiningratAustralia TerbukaCombroInstagramWalabiDhaptar dasawarsa190055Surat Al An’am1105Windows VistaSnoop DoggArmand MaulanaSirimavo BandaranaikeZona wektuKacang brolTitilaras2011799AkuariumASirkon (Zirkon)JazzTlaga TobaJanet JacksonRuwatanJim MorrisonAustralopithecusLawang SèwuTapéKurdhistan2013Minecraft🡆 More