Istilah varietas duwé rong teges.
Teges pisanan yaiku teges kanthi botani lan teges kapindho yaiku teges kanthi agronomi.
Sacara botani, varietas iku populasi tetuwuhan sajeroning sawijining spésies sing nuduhaké ciri béda sing cetha. Panulisan jenengé dicithak miring (utawa digaris ngisor yèn tulisan tangan) lan didhisiki mawa singkatan "var." Conto: Oryza sativa var. indica.
Sajeroning taksonomi tetuwuhan, spésies wujud unit paling cilik sajeroning hierarki klasifikasi. Kabèh anggota spésies sing padha bisa kanthi alamiyah silih kawin lan ngasilaké keturunan. Sanajan mangkono, kanggo sapérangan spésies tinentu ana variasi sing cetha banget ing njeroné. Mula digawé sapérangan takson infraspesies (sangisoré spésies). Aturan lan dhéfinisi ngenani taksonomi tetuwuhan ditemtokaké sajeroning "Aturan Internasional kanggo Tatajeneng Botani" (International Code of Botanical Nomenclature, ICBN)[1] Archived 2018-05-14 at the Wayback Machine.. Pangertèn varietas kaya iki dinggo déning ahli taksonomi tetuwuhan supaya ora dadi ambiguitas sajeroning panglompokan sawijijing populasi sajenis. Taksonomi kéwan mung ngenal subspesies minangka takson sangisoré spésies.
Sajeroning tetanèn, varietas iku sinonim kanggo kultivar, sing watesan lan panjenengané diatur sajeroning "Aturan Internasional kanggo Tatajeneng Tetuwuhan Budidaya" (International Code of Nomenclature for Cultivated Plants, ICNCP). Kultivar (Inggris cultivar, saka cultivated variety) wujud panglompokan dhasar ("culton", saka cultivated plant taxon) kanggo tetuwuhan budidaya, lan diciptakaké déning L.H. Bailey ing taun 1923. Kultivar ditegesaké minangka saklompok tetuwuhan sing duwé siji utawa luwih ciri sing bisa dibédakaké kanthi cetha, lan tetep duwé ciri khas iki yèn diréprodhuksi (kanthi sèksual uga aseksual). Sing bisa karan kultivar kanthi mangkono yaiku populasi kaselèksi, galur, klon, utawa hibrida. Conto panjenengan: Oryza sativa 'Cisadane'.
Sing dimaksud karo tetuwuhan budidaya iku tetuwuhan sing dibudidayakaké déning manungsa sing bisa dibédakaké kanthi cetha saka cikal-bakal liaré utawa, yèn dijupuk langsung saka alam alasan kanggo dibudidayakaké, layak kanggo dijenengi mirunggan sing béda karo populasi alasan kanggo kapentingan hortikultura (W.T. Stearn, 1986).
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Varietas, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.