Strok iku siji kaanan kang dumadi nalika pasokan getih menyang siji pérangan utek dumadakan kaganggu.
Wiki ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Sajeroning jaringan utek, kurangé ilining getéih njalari sarangkèn réaksi biokimia, kang bisa ngrusak utawa matèkaké sel-sel saraf ing utek. Patiné jaringan utek bisa njalari ilangé fungsi kang dikendhalèkaké déning jaringan iku. Strok iku jalaran pati kang katelu ing Amérika Sarékat lan akèh nagara indhustri ing Éropa (Jauch, 2005). Yèn bisa dislametaké, sok-sok panandhang ngalami kalumpuhan ing anggota awaké, ilangé sapérangan pepéling utawa ora/kurang bisa omong. Sapérangan taun ing wuri iki tansaya populèr istilah serangan utek. Istilah iki pepadhan karo istilah kang wis ditepungi wiyar, "serangan jantung".
Strok | |
---|---|
Classification and external resources | |
ICD-10 | ICD-10 Chapter I|I61-ICD-10 Chapter I|I64 |
ICD-9 | 434.91 |
OMIM | 601367 |
DiseasesDB | 2247 |
MedlinePlus | 000726 |
eMedicine | neuro/9 emerg/558 emerg/557 pmr/187 |
MeSH | D020521 |
Strok dumadi amarga cawang pambuluh getih kacandhet déning emboli. Emboli bisa wujud kolesterol utawa udara.
Diagnosis strok iku kanthi klinis dikanthèni pamriksan panunjang. Pamriksan panunjang kang bisa dilakokaké antarané CT scan sirah, MRI. Kanggo mbiji kasadharan panandhang stroke bisa dipigunakaké Skala Koma Glasgow. Kanggo mbédakaké jinis stroke bisa dipigunakaké manéka sistem skor, kaya déné Skor Strok Siriraj, Algoritma Stroke Gajah Mada, utawa Algoritma Junaedi.
Panandhang strok racaké diwènèhi oksigèn, dipasang infus kanggo nglebokaké cuwèran lan dat panganan, diwènèhi manitol utawa kortikosteroid kanggo ngurangi abuh lan tekanan ing njero utek kanggo panandhang stroke akut.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Strok, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.