Rhinitis

Rhinitis minangka radhang lan iritasi sing kadadéan ing membran mukosa irung.

Lelara iki dipara dadi 2 ya kuwi rhinitis alergi lan rhinitis non-alergi. Rhinitis alergi disebabaké dening alergèn kaya ta serbuk sari, bledug, utawa wulu kéwan. Kanéka déné rhinitis non-alergi disebabaké infèksi virus lan baktèri.

Rhinitis
Jeneng liyaCoryza
Rhinitis
Serbuk sari kang bisa agawé kumat rhinitis alèrgi
Pangucapan
SpecialtyInfectious disease, allergy and immunology

Jalaran

Rhinitis alèrgi racaké disebabaké amarga respons sistem kekebalan awak tumrap alergèn. Sistem kekebalan awak ngasilaké antibodi saka awak kanggo ngeculaké histamin ing ili getih. Faktor panyebab rhinitis ya kuwi:

  • Duwé riwayat  alèrgi utawa asma.
  • Duwé dermatitis atropik.
  • Riwayat kulawarga (wong tuwa utawa sedulur kandhung) kang ana alèrgi utawa asma.
  • Ngrokok.
  • Ana ing papan kang ngandhut paparan alergen (wulu kéwan klangenan, serbuk sari kembang, bledug lan liyané).

Pratandha

Pratandha rhinitis alèrgi lan non-alèrgi kaya ta:

Rhinitis alèrgi

  • Mata mbayu
  • Irung gatel
  • Kerep wahing
  • Irung buntet sakèngga ambegan liwat cangkem
  • Mripat sènsitif cahya
  • Mumet
  • Ana bunderan ireng ing kanthong mata.

Rhinitis non-alèrgi

  • Watuk
  • Ana liyak ing gurung
  • Irung mbayu
  • Wahing
  • Angèl ngambu

Dhiagnosis

Rhinitis 
Panampang irung wong nandhang rhinitis

Kanggo ndhoagnosis lelara iki, dhokter bakal takon babagan pratandha lan riwayat lelara sarta nglakokaké pamrèksanan fisik. Sakwisé iku ana tès alergi kanggo nggolèki ananing alergi uga zat kang dadi pamicu alergi. Menawa panyebabé dudu alergi, dhokter bakal nglakoni pamrèksanan liya kaya ta teropong irung lan CT scan.

Tamba

Ngobati rhinitis alèrgi ya kuwi kanthi ngombé obat antihistamin kanggo nyegah pratandha rhinitis alèrgi sakdurungé kapapar alèrgen. Menawa pratandha sing dirasakaké parah, gagé-gagé temoni dhokter saperlu diwènèhi obat imunoterapi lan suntikan alèrgi. Mangan panganan kang ngandhut gizi uga bisa ngurangi pratandha rhinitis alèrgi kaya ta kunir, spirulina, capsicum, vitamin C, minyak iwak lan madu.

Nyegah

Nyegah lelara rhinitis amrih ora kumat kaya déné:

  • Jaga karesikan kemul, bantal lan kasur.
  • Tutup lawang lan cendhela nalika ana angin gedhé
  • Resiki bledug sing ana ing omah
  • Ngadohi keluk rokok
  • Aja migukakaé karpèt wulu.
  • Pigunakaké panyedhot bledug.
  • Ngadohaké saka kèwan klangenan sing akèh wuluné.

Kapustakan

Tags:

Rhinitis JalaranRhinitis PratandhaRhinitis DhiagnosisRhinitis TambaRhinitis NyegahRhinitis KapustakanRhinitisBaktèriIrungVirusWulu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Raden Kian SantangGoogleParto PatrioKucingNgontragaké gunungSandy WalshSurat Ali ImranSajarahZulkifli HasanMa Dong-seokNanotèknologi2013Olimpiadhe Mangsa Panas 2024ArtikelMikha TambayongCepu, BloraJawaMary DouglasAK-47Umar bin Abdul AzizKubismeAnwar FuadyAlang-alangEmasJinising paragrafAnak Jalanan (sinetron)AngklungRonaldo KwatehBebrayanMozambikPariwaraBella SaphiraZona wektuAswatamaKutha PekalonganLuna MayaEnno LerianWayback Machine1999Kim Soo-HyunAkri PatrioMikul dhuwur, mendhem jeroAlisSadéwaTembung ancer-ancerKalimantanSengkalanLesmanaPerang Donya IIKodhokSARCumbanaTajikistanZsa Zsa YusharyahyaPusakaPatih SuwandaTom Cruiseꦥꦺꦱ꧀ꦠNicole KidmanIPhoneTrombositSurat Al MuzzammilYusril Ihza MahendraAyu AzhariRukun ImanGarèngDhandhanggulaPersija JakartaYoon Bo-mi2002PurwakanthiMaskumambangSinga🡆 More