Pegagan

Hydrocotyle asiatica

Pegagan
Pegagan
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Tetuwuhan
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Apiales
Famili: Mackinlayaceae
Génus: Centella
Spésies: C. asiatica
Jeneng binomial
Centella asiatica
(L.) Urban
Sinonim

Pegagan inggih punika gadhah nama latin Centella asiatica inggih punika terna alasan, wonten ing sadaya tlatah ing Indonésia. Asalipun saking Asia tropik. Ing Indonésia, tanem tuwuh punika sampun dipunkenal. Tiyang Jawi nyebataken antanan utawi ganggagan, tiyang Sunda maringi sebatan antanan ageng. Masarakat tradhisional migunakaken kanggé pangobatan. Taneman punika saged dipunkonsumsi nalika taksih seger, sampun dipunramu, dipunmasak, utawi dipundamel jus.

Karakter Pegagan

Pegagan tuwuh wonten ing siti ingkang teles lan kénging srengéngé utawi adhem, tuladhanipun woten ing padhang rumput, pinggir kalèn, sabin, lan sapanunggalipun. Pegagan inggih punika terna ingkang boten wonten watangipun, nanging rimpang cekak lan stolon-stolon oyotipun medal saking bonggol, kathah pangipun ingkang mbentuk taneman énggal. Lembaraning godhong tunggal, gadhah pang ingkang panjangipun kirang langkung 5 cm – 15 cm ingkang mbentuk ginjel. Pinggiripun wonten geriginipun.

Nami sanèsipun

Godhong samparan jaran (Indonesia), Pegaga (Ujung Pandang), Antanan ageng, Antanan rambat (Sunda), Dau tungke (Bugis), Pegagan, Gagan-gagan, Rendeng, Kerok batok (Jawi), Kos tekosan (Madura), Kori-kori (Halmahera).

Ing Sumatra utawi Melayu, pegagan dipunwastani pepaga, pepago, lan godhong penggaga. Manawi ing Jawi dipunwastani antanan ageng, cowet gompeng, gagan-gagan, panigowang, lan calingan rambat. Bènten malih ing tlatah Sulawesi, pegagan dipunwastani pegaga, wisu-wisu, lan kisu-kisu. Ing Nusa Tenggara, pegagan dipunwastani bebele, penggaga, lan paiduh. Ing tlatah Irian dipunwastani dagouke lan sandanan. Déné ing Maluku pegagan dipunwastani sarowati. Ing nagari Cina, pegagan dipunwastani ji xue cao.

Komposisi pegagan

Gadhahi sipat kimiawi lan èfèk farmakologis: Raos legi, adhem. Anti infèksi, antitoxic, ngandhapaken panas, pangluruh toya seni. Kompisisi Kimia: Asiaticoside, thankuniside, isothankuniside, madecassoside, brahmoside, brahminoside, brahmic acid, madasiatic acid, meso-inositol, centellose, carotenoids, sarem-sarem mineral tuladha sarem kalium, natrium, magnesium, kalsium, wesi, vellarine, zat samak. Senyawaan glikosida triterpenoida ingkang kasebat asiaticoside lan senyawaan ingkang sami, gadhah kasiat anti lépra (Morbus Hansen)

Kasiyat

Pegagan gadhah kasiyat inggih punika saged nglancaraken sirkulasi rah, antiradhang, lan nglerem raos sakit. Pegagan ugi saged nambani sakit wasir, ati abuh utawi liver, nambani wudun, kecokot sawer, nandhang rah, lan rah inggil (hipertensi). Sasanèsipun punika, pegagan ugi saged nambani sakit panas, campak, radhang amandhel, sakit padharan, nambah napsu dhahar, ngresiki rah ingkang reged, lan saged damel jaringan empedu tambah saé supados prosès pancernan saged lancar.

Cathetan suku

Tags:

Pegagan Karakter Pegagan Nami sanèsipunPegagan Komposisi pegaganPegagan KasiyatPegagan Cathetan sukuPegagan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Orong-orongGlenn FredlyWignyanMia KhalifaKabupatèn Deli SerdangAburizal BakrieMikul dhuwur, mendhem jeroKaisar Tang Xuanzongꦕꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦁBathikSocaAchmad SoebardjoEddy William KatuariSurat Ali ImranWiki CommonsKendhangLesmanaꦥꦼꦏꦶꦁ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)TransistorTembung katrangan2 DhésèmberNakulaGambangŞiş köfteSitrusGaya asuRuwatanꦮꦶꦏꦶKresnaPencak silatSalam Lintas AgamiSurat Al MunaafiqunPananggalan GrégoriyusTembung entarSurat Al QadrGudhegDelimaTumpengSidratul muntahaKabupatèn DemakWandaImam BonjolMaskumambangꦥꦿꦶꦁPurwakanthiꦤ꧀ꦗꦮꦤꦶDhandhanggulaMesut ÖzilSurinamePierre-Simon LaplaceFuji ElectricISBNSlenthemDhakonCak LontongꦱꦶꦗꦶꦱꦸꦫꦺꦴEmma WatsonSurat Al JinGuatémalaYahoo!AremaGibran RakabumingManuk tuhuSunita WilliamsSawahꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮIjmaBaronganAngkor WatTaling tarungSheila Marcia JosephTugu PahlawanTom CruiseSinga🡆 More