Mimba: Jinis tetuwuhan

Mimba, uga dikenal kanthi jeneng Imba, Mimbo iki duwé jeneng élmiyah Azadirachta indica.

Azadirachta indica Juss
Mimba: Jinis tetuwuhan
Azadirachta indica A. Juss.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Dhivisi: Spermatophyta
Subdhivisi: Magnoliophyta
Unranked: Dialypetaleae
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rutales
Famili: Meliaceae
Génus: Azadirachta
Spésies: A. indica A. Juss.
Jeneng binomial
Azadirachta indica A. Juss.
(Blume) Miq.

Tanduran iki kalebu kulawarga Meliaceae. Wit iki duwé kayu kang atos, kulité kasar lan dhuwuré bisa ngancik 20 mèter. Godhongé awerna ijo lunyu kanthi dawa 5–10 cm lan amba 2–4 cm. Wijiné lonjong atos wernané soklat. Wit iki duwé oyot tunggang. Tetuwuhan iki bisa ngasilaké kayu atos kanggo bahan bangunan. Wit iki bisa ngasilaké wiji sakwisé umur 5 taun. Prodhuksi godhong garing bisa nganti 350 kg saben taun.

Ékologi

Mimba sepisanan ditemokaké ing tlatah India. Sakwisé iku nyebar ing tlatah tropis liyané ing saindhening donya. Wit Mimba bisa thukul sarana wijiné sing wis tuwa. Ing Indonésia, Mimba akeh ditandur ing pinggir dalan utawa mawa wit ing pinggiring alas. Tetuwuhan iki bisa thukul ing lemah kang masir kaya ta lemah ing pinggir pesisir lan bisa uga cedhak gunung kanthi dhuwuré 1000 mèter ing dhuwur sagara.

Gladri

Rujukan

Tags:

Meliaceae

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tembung wodRanah internet tingkat paling dhuwurGlepung berasUpacara tingkebanBèkelanPerang Donya IISoto BangkongSato kéwanLee Jong-sukSiputSailor MoonWedaBègXiaomiPandhitaGobag sodorMuhammad Arsyad al-BanjariYupiterLunpiaAndroidRatu AgengKenongCepu, BloraRawonRatu KalinyamatJesse JamesPedhotanTabang, Kutai KartanegaraGethukRujak CingurAndi Alfian MallarangengSurpanakaBanjirSrabiꦏꦼꦢꦸꦢꦼꦁGading MartenISBNMiki TikusKaséhatanLètnan SatuStadion Gelora Bung KarnoChairul TanjungSumbadraWetengSufismeWikramawardhanaHajar AswadMohammad HattaTedhak sitènManganArané pérangan awakSrah-srahanHiraganaMasjid Menara KudusSiterBarakudaKarangmoncol, PurbalinggaCumbana payudaraEgy Maulana VikriMidodareniPageblug Covid-19Surat Adh DhuhaGongGajah ngidak rapahRocket RockersNagita SlavinaAlisTiongkokNadiem MakarimShigeo TokudaBendi🡆 More