Matias

Matias punika salah satunggil saking 12 rasul ingkang wujud murid Yésus.

Panjenenganipun dipunpilih dados rasul nggantosaken Yudas Iskariot ingkang kianat dhumateng Yésus. Nalika Yudas tilar donya nglalu, para rasul sarujuk kanggé milih tiyang kanggé ngisi papan Yudas minangka rasul. Saratipun inggih punika tiyang punika kedah dados pandhèrèkipun Yésus wiwit baptisan Yésus dumugi nyeksèkaken mékradipun Yesus. Salajengipun wonten kalih tiyang ingkang nyekapi sarat kasebat, Matias lan Yustus ingkang dipunsebut Barsabas. Matias salajengipun kapilih dados rasul. Kadosdéné rasul sanèsipun, panjenenganipun nampi Hyang Roh Suci nalika dinten Pentakosta. Nanging, karya lan kagesangan salajengipun boten dipunkawruhi. Dipuncariyosaken bilih panjenenganipun sepindhaipun khotbah ing laladan Yudea, nanging salajengipun panjenenganipun makarya ing Kapadokia lan ing kiwa-tengenipun Laut Kaspia.

Santo Matias
Matias

Karyanipun Simone Martini
Rasul
Miyos Abad ka-1 Masehi, Yudea (sapunika Israèl)
Tilar donya watawis 80 Masehi, Yerusalem utawi Colchis (sapunika Georgia)
Dipun urmati ing Gréja Katulik Roma
Gréja Ortodoks Wétan
Gréja Anglikan
Gréja Lutheran
Dinten pèngetan 14 Mèi (Gréja Katulik Roma, Gréja Anglikan)
9 Agustus (Gréja Ortodoks Wétan)
24 Fèbruari (pre-1970 Kalèndher Romawi, Gréja Episkopal, Gréja Lutheran)
Atribut kapak
Pangreksa alkoholik; tukang kayu; Gary, Indiana; Great Falls-Billings, Montana; cacar; tukang jait
Matias Portal Santo

Réferènsi

Cithakan:Tokoh Prajanjian Anyar

Rasul Yesus Kristus
Panginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas
Sanèsipun: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas/Didimus
Yakobus anak Alfeus | Simon tiyang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot ingkang dipungantos déning Matias

Tags:

Laut KaspiaNglaluPentakostaRasulYudas IskariotYésus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ki Hadjar DewantaraArimbiMaskumambangSpanyolMikul dhuwur, mendhem jeroIsih penak jamanku toMia KhalifaKandangan, Hulu Sungai KidulPallubasaAl-QaédaKarbon dioksidaNajelaa ShihabBiskopSepur MalabarGita GutawaWhitney HoustonRafael StruickUmar bin Abdul AzizNapoléon BonaparteBudi UtomoEris2020-anSri Mulyani IndrawatiSurat Al 'AlaqVoliLechonaJesse JamesGunung PenanggunganAntibiotik beta-laktamZayed KhanTitilarasGFDLAnwar FuadyStadion Gelora Bung KarnoShinzō AbeHidrogenIwan FalsTahu campurRangkaian MelatiAlizéeWukuMangsa katigaCublak-cublak suwengDelimaTedhak sitènSesorahMegawati PrabowoKabupatèn LamonganWajikUBlock OriginSaturnusKluwungAgus Harimurti YudhoyonoMarsGamelanDarius Sinathrya2008Orong-orongPlanitPulusSepur Argo ParahyanganÈnsiklopédhiLegawaRuwahanSundar PichaiFacebookSurat As SajdahTembung ngombé lan ngunjukDramaPiknik wudaPétrukAksara CarakanDrijiHasyim Asy'arie🡆 More