Andreas

Santo Andreas (Saint Andrew) punika salah satunggil rasul Yesus ingkang sepisanan.

Naminipun dipunsebutaken kaping 13 ing salebetipun pérangan Prajanjian Énggal ing Alkitab Kristen. Salebetipun agami Katulik, namanipun mlebet dhumateng para suci lan pèngetan kanggé piyambakipun dipunriyayakaken saben tanggal 30 November. Variasi nama baptis sanèsipun ingkang asalipun saking namanipun ing antawisipun Andre, Andrea, Andrew. Simbol karasulanipun inggih punika salib ingkang mèmper huruf X.

Santo Andreas
Andreas

Icon Rasul Andreas
Rasul, ingkang sepisanan dipuntimbali
Miyos Abad sepindhah SM utawi M, Betsaida
Tilar donya Abad sepindhah M, Patras, ing sainggiling kayu salib awangun silang (X)
Dipun urmati ing Sedaya dhénominasi
Papan ziarah utama Gréja Santo Andreas ing Patras, kaliyan rélik-rélikipun
Dinten pèngetan 30 November
Pangreksa Sekotlan, Ruslan, Sisilia, Yunani, Romania, lan Prussia; Serdhadhu, angkatan laut, warigaluh, pandamel tali.
Andreas Portal Santo

Mangsa enèm

Santo Andreas lan sedhèrèkipun, Petrus, dipunwiyosaken ing Betsaida caket tasik Genesaret (tlaga Galilea), tlatah Israèl. Kekalihipun rèncang sakitha kalairan kaliyan Filipus. Andreas lan Petrus gesang kanthi nyambut damel minangka warigaluh panjala ulam ing tlaga Galilea. Kekalihipun manggèn tunggal griya, sesarengan kaliyan ibu marasepuhipun Petrus, ing kitha Kapernaum.

Awal ndhèrèk Yésus

Andreas dipuncathet salebetipun Injil Yohanes minangka murid Yohanes Pembaptis ingkang ngajak masarakat kiwa-tengenipun kanggé martobat lan dipunbaptis ing lèpen Yordan.

Pungkasanipun gesang

Ing papan pungkasan karasulanipun, Patras, panjenenganipun tilar donya dipunkisas ing sainggiling salib ingkang awangun X, ingkang pungkasanipun dados simbol piyambakipun.

Pangabadian nama

Andreas 
Salib Santo Andreas ing gendéra nasional Sekotlan

Naminipun dipunabadhikaken salebetipun manéka wangun. Ingkang paling misuwur inggih punika Santo Andreas dados santo pangreksa nagari Sekotlan nalika abad ka-8 dumugi sapunika. Salib X kagunganipun dados salib ingkang wonten ing gendéra nasional Sekotlan.

Sasanèsipun punika Santo Andreas ugi dados santo pangreksa kanggé:

  • Papan: Amalfi ing Italia, Patras ing Yunani, Univèrsitas Patras, Ruslan, Rumania, Ukraina.
  • Pakaryan: pedagang ulam, warigaluh, pekerja rumah tangga, pawèstri sepuh, penyanyi, pawèstri lajang, pawèstri ingkang kepéngin pikantuk buah hati.
  • Tiyang sakit: sakit reumatik.

Réferènsi


Rasul Yesus Kristus
Panginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas
Sanèsipun: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas/Didimus
Yakobus anak Alfeus | Simon tiyang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot ingkang dipungantos déning Matias

Tags:

Andreas Mangsa enèmAndreas Awal ndhèrèk YésusAndreas Pungkasanipun gesangAndreas Pangabadian namaAndreas RéferènsiAndreas30 NovemberAlkitabKatulikKristenPrajanjian AnyarSantoYesus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Mia KhalifaSlenthoMarco van BastenWacanaInternètAndy LauIndonésiaKurt GödelDasarataHappy AsmaraGeniJaran képangWalandaNike ArdillaAmangkurat IVHeather StormPaculPucungSyekh Abdul Qadir JaelaniMaricaDidier DeschampsGunung FujiIftarMahabharataTembung panyeruFilogeniDasanamaNikita KhrushchevNyadranPangidhèntifikasi Obyèk DigitalUniversitas TerbukaBale Sigala-galaKrim kocokSekatènHibiki ŌtsukiTembung panggandhèngKerata basaBasa JawaTembung sesulih pandarbéGajahPecelHiraganaNesuVolansTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Adolf HitlerAstra InternationalRamayanaBlogDhadhuIan KaselaJoko WidodoKerisSurat Al HadiidAKB48LampraisWangsa TangKitab HenokhLindhu lan tsunami Sendai 2011Rujak CingurBasa kramaBendiIndhonésia/jvAriana GrandeShigeo TokudaFuji ElectricUwuhKabupatèn PangandaranAmonium kloridaTembang dolananMadridGambuhMumi🡆 More