Yérusalem

Yérusalem (basa Ibrani: יְרוּשָׁלַיִם Yerushalayim; basa Arab: القدس al-Quds; iku kutha kuna ing Wétan Tengah kang wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi, Kristen, lan Islam.

Yerusalem
יְרוּשָׁלַיִם (Yerushalayim)
القدس (al-Quds)
Yérusalem Yérusalem
Gendéra Yérusalem Lambang Yérusalem

Jerusalem_WBIL.jpg Yérusalem

Yérusalem ing Palestina

Katrangan cekak
Jembar: 63,78 km²
Padunung: 760.800 jiwa(2009)
Kapadhetan: 5.768 jiwa per km²
Suku bangsa: Wong Yahudi,Arab, Arménia lan liya-liyané
Agama: Agama Yahudi, Islam, Kristen, lan liya-liyané.
Situs wèb resmi: http://www.jerusalem.muni.il
Pulitik
Walikutha: Moshe Lion

Kutha iki saiki kanthi de facto . Nanging wong Palestina uga nuntut pérangan wétan kutha iki kang arep didadekaké kutha krajan nagarané ing masa ngarep.

Wiwit taun 2008-2018 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat, sadurungé iku Uri Lupolianski, siji tokoh Yahudi Harédi utawa Yahudi Ultra Ortodoks. Saiki walikuthane yaiku Moshe Lion (wiwit 2018)

Ètimologi

Tembung Semitik tumrap jeneng "Yerusalem" kang akèh disetujoni ya iku 'S-L-M' kang jrdoning basa Arab utawa Ibrani tegesé damai, kerukunan utawa kasampurnan. Sawijining kutha kang karan Rušalimum utawa Urušalimum muncul sajeroning cathetan Mesir kuna minangka siji rujukan pisanan tumrap Yerusalem. Wangun Mesir mau dikira-kira kaudhunaké saka jeneng lokal kang ana ing surat-surat Amarna, e.g: sajeroning EA 287 (ana sawatara wangun) Urusalim. Wangun Yerushalayim (pelafalan Ibrani) pisanan muncul ing kitab Yosua. Wangun iki wujud sawiji portmanteau saka yerusha (pusaka) lan jeneng asli Shalem kang dudu wujud evolusi fonetik prasaja saka wangun iki sajeroning surat Amarna. Sapérangan kalangan yakin anaé gayutan tembung iki karo tembung Shalim, déwa pemurah saka mitologi Ugarit kang dadi personifikasi wektu wengi. Lumrahé panambang -im nuduhaké wangun jamak sajeroning tata basa Ibrani lan -ayim wangun gandha saéngga nuwuhaké anggepan yèn jeneng mau tegesé fakta kutha mau dumunung ing rong bukit. Sanajan mangkono, lafal tembung pungkasan -ayim mung muncul sajeroning perkembangan pungkasan, lan ora ana ing mangsa Septuaginta. Sajeroning basa Yunani lan Latin tembung iki ditulis Hierosolyma. Sajeroning basa Arab, Yerusalem karan Ursalim al-Quds utawa luwih populèr minangka al-Quds (Kudus). "Zion" wiwitané dianggep dadi péranganing kutha, nanging sabanjuré dadi tandha kutha kanthi sakabèhané. Ing periode kakuwasan Raja Daud, kutha iki dikenal minangka Ir Daud (Kutha Daud)..

Sajarah

Yérusalem 
Tembok Yebus, Kutha Daud

Bukti-bukti keramik nuduhaké anané aktivitas ing Ofel, kang wektu iki dikenal kanthi jeneng Yerusalem ing Zaman Tembaga watara milenium angka 4 SM, kanthi bukti siji pemukiman tetep sajeroning awal Zaman Perunggu watara 3000–2800 SM. Teks Kebencian (watara abad ke-9 SM), ngrujuk marang kutha kang karan Roshlamem utawa Rosh-ramen lan surat Amarna (watara abad angka 14 SM) manawa dadi kang sepisanan nyebut kutha mau. Sawetara ahli arkéologi, kalebu Kathleen Kenyon, yakin Yerusalem minangka siji kutha kang diyasa masarakat Semitik Kulon karo pamukiman kang tumata watara 2600 SM. Miturut tradhisi Yahudi, kutha iki diyasa Shem lan Eber, leluhur Abraham.

Cathetan

Pratélan kampung-kampung in Yérusalem

Uga delengen

Kapustakan

Buku

  • Armstrong, Karen (2000). The Battle for God: Fundamentalism in Judaism, Christianity and Islam. New York: Harper Collins. ISBN 978-000-2555-23-4.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  • Armstrong, Karen (2000). Islam: A Short History. New York: Modern Library Chronicles. ISBN 978-081-2966-18-3.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  • Armstrong, Karen (2016). Fields of Blood: Mengurai Sejarah Hubungan Agama dan Kekerasan. Bandung: Mizan. ISBN 978-979-4339-69-5. CS1 maint: url-status (link)

Pranala njaba

Yérusalem 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Yérusalem 
Panorama Temple Mount, kalebu Masjidil Aksa, lan Dome of the Rock, dideleng saka Bukit Zaitun

Tags:

Yérusalem ÈtimologiYérusalem SajarahYérusalem CathetanYérusalem Pratélan kampung-kampung in Yérusalem Uga delengenYérusalem KapustakanYérusalem Pranala njabaYérusalemAgama YahudiBasa ArabBasa IbraniIslamKristenWétan Tengah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ayam TaliwangDidi RiyadiSengkalanVincent Ryan RompiesNakulaAdolf HitlerUranusLydia KandouJoaquin PhoenixPutihTung Desem WaringinE=mc²1939Manuel RoxasMikul dhuwur, mendhem jeroGlenn AlinskiePark Shin-hyePenyanyiPamaréntahIker CasillasApple Inc.Indro (Warkop)Raveena TandonTwitterKakusGedhang gorèng14 AprilUsmar IsmailKoperasiCumbanaPalung MarianaKasino (Warkop)Leonardo BonucciAshton ChenKabupatèn TrenggalèkYanmarSoehartoKatakanaGibran RakabumingJenang KudusBlogPeturasanMasjid NabawiFilsafat JawaSirkuit SentulJames WilsonArané pérangan awakAndy LauBebungah NobelGlepungCake (band)Helmy YahyaWisanggeniAlaskaMinal 'Aidin wal-FaizinKopiDisney ChannelRatu AgengSistem operasi komputerKulawarga (biologi)HematologiRirin Dwi AriyantiEverton F.C.Dedi NatadiningratKurniawan Dwi YuliantoAhmad YaniBaskin-RobbinsSajarahAdi Bing SlametSurinamePerang BadarWetengKabupatèn MorowaliSrengéngé🡆 More