Ludwig Van Beethoven

Ludwig van Beethoven (dipunbaptis 17 Dèsèmber 1770–26 Maret 1827) inggih punika satunggiling komposer Jerman ingkang mawiyaraken wiraga saha wawasan musik klasik.

Piyambakipun dados ‘kreteg’ ingkang saged manyabrangi gaya klasik kaliyan gaya romantik.

Ludwig Van Beethoven
Ludwig van Beethoven

Beethoven lair ing kutha Bonn, Jerman nalika taun 1770. Bakat ing babagan musik sampun katingal nalika alit. Serat musik kapisan dipunserat taun 1783. Nalika taksih rumaja, Beethoven késah ing Wina lan kapanggih Mozart, nanging pepanggihan punika namung sakedhap. Taun 1792 Beethoven ngambali dhateng ing Wina lan ngangsu kawruh dhumateng Haydn. Piyambakipun lajeng boten késah malih saking Wina.

Nalika yuswaipun ngancik kalih dasa taun, Beethoven ngraos manawi piyambakipun risak talinganipun lan boten saged mireng. Punika dados panggalihipun Beethoven, piyambakipun ngantos gadhah panemu manawi badhé mrajaya awakipun piyambak. Piyambakipun lajeng boten naté medal lan srawung kaliyan masarakat, nanging karyanipun panggah dipunremeni déning masarakat.

Yuswa sakawan dasa, Beethoven sampun boten saged mireng punapa-punapa malih, nanging piyambakipun panggah ngripta musik kanggé piyambakipun. Beethoven naté ngendika dhumateng saah satunggaling kritikus musik bilih "musikku iki ora kanggo awakmu, nanging kanggo anak putu sapungkurmu".

Kalebet ing karyanipun inggih punika: sangang simfoni, 32 sonata piano, 16 kwartèt, 5 konsèr piano, satunggal konsèr biolah, kalih misa, opera Fidelio (1805) kaliyan musik kor. Beethoven nilar donya ing Wina taun 1827.

Cathetan suku

Tags:

Jerman

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sepur MalabarTia IvankaYodiumMajapaitSailor MoonYouTubeQatarIris (anatomi)Ageng TirtayasaSundaeTemulawakWali BandMartha TilaarKendhang batanganAlbert EinsteinGlepung berasHasyim Asy'arieWibisanaNathan Tjoe-A-OnAsian Football ConfederationSurat Adh Dhuha1578Johannes KeplerKrajan Sumedang LarangTeguh OstenrikUmar bin Abdul AzizBillie EilishArané pérangan awakMaulana Malik IbrahimZayed KhanNovèl28 OktoberPHMila RodinoUntaPlanitAmateur Night (filem)SandhanganCublak-cublak suwengMarie AntoinetteLindhuAksara CarakanBasa ngokoIwan FalsGunung MerbabuPrasasti YupaAmérika LatinKaskusUmpan gaweanSekatènKanayakan IndonésiaforexMitoniStadion SiliwangiDinaSurat As SajdahEris (planit)TimahFedi NurilSlankIkeaBudaMangsa pancarobaWiji jagungMaricaErisPeking (gamelan)PallywoodAryo WahabBasa MaltaWinona RyderTembung aranUlil Abshar AbdallaAlam🡆 More