Lonthong Kupang: Olah-olahan

Lonthong kupang utawa Kupang lonthong ya iku panganan khas arupa lonthong saka pasisir wetan Jawa Wetan, utamané tlatah Surabaya, Pasuruan lan Sidoarjo.

Aksara Latin
     

Sanadyan jenengé lonthong kupang, ananging ora ana gandhèng cènèngé karo kutha Kupang, Nusa tenggara Wétan. Panganggonan jeneng kupang iki gegayutan karo bahan dhasaré arupa kupang yaiku kerang cilik-cilik utawa kawentar mawa jeneng remis. Remis iki ukurané padha kaya beras, sawetara 1 sèntimèter. Kupang sing duwè jeneng latin Corbula faba ditèmoni ing pasisir laut kang mbanyu asin salah sijiné iku ing Madura. Kupang duwé kandhutan Fe (zat besi) lan Zn (zinc/sèng). Olah-olahan iki kasusun saka lonthong, kupang, lentho lan sambel petis. Panganan iki rasané gurih, pedhès lan rada legi. Jajanan iki bisa ditemoni ing warung lan bakul pinggir dalan. Padatané lontong kupang dipangan karo saté kerang lan ombèn-ombèn arupa ès degan.

Lonthong kupang
Lonthong Kupang: Cara Nggawé, Pranala njaba, Kapustakan
Lonthong kupang karo saté kerang
Jeneng liyanéLontong kupang
AjanganMangan utama
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa Wétan
Hawa ajanganPanas
Woworan pokokLonthong, Kerang, Bumbu
Lonthong Kupang: Cara Nggawé, Pranala njaba, Kapustakan Buku masakan: Lonthong kupang  Lonthong Kupang: Cara Nggawé, Pranala njaba, Kapustakan Médhia: Lonthong kupang

Cara Nggawé

Nggawé panganan iki cukup gampang nalika wis ana lonthong lan lentho sing wis dadi. Menawa durung gawé, lonthong lan lentho iki mbutuhaké wektu suwé kanggo ngolah.

Bahan

  • Banyu
  • 500 gram kupang
  • Uyah sacukupé
  • Lonthong
  • Lentho
  • Brambang
  • Bawang
  • Sambel petis
  • Gula pasir
  • Jeruk nipis
Lonthong Kupang: Cara Nggawé, Pranala njaba, Kapustakan 
Lonthong kupang ing piring

Cara ngolah

  1. Godhog kupang karo banyu lan uyah nganti mateng
  2. Menawa wis mateng banjur dientas
  3. Uleg lombok, uyah, gula, bawang, brambang, lan sambel petis ing lèmpèr
  4. Peres jeruk nipis ing sambel
  5. Iris lonthong lan lentho ing piring
  6. Suntak sambel saka lèmpèr
  7. Wènèhaké kupang lan duduhé sacukupé
  8. Kepyuri bawang gorèng ing dhuwuré lan irisan jeruk nipis ing sandhiké
  9. Luwih ènak menawa dipangan karo satè kerang lan ès degan

Pranala njaba

Resèp masak lonthong kupang

Vidéyo masak lonthong kupang

Kapustakan

Tags:

Lonthong Kupang Cara NggawéLonthong Kupang Pranala njabaLonthong Kupang KapustakanLonthong KupangJawa WétanKabupatèn SidaarjaKerangKutha KupangKutha PasuruanKutha SurabayaMaduraÈs Dogèr

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

PanambangSarungKutha SurabayaWalisangaꦢꦤ꧀ꦢꦁMahfud MDÈnsiklopédhiKangen Band (Grup Musik)Cumbana silitMasjidil KaramBani UmayahRembulanBrandon SalimPheng Xat LaoPakubuwana XIIRukun ImanRebut balung tanpa isiDhialèk PacitanOséanografiCakung, Jakarta WétanPiranti gamelan JawaSalman bin Abdul-Aziz Al SaudWayangLee Jong-sukUndur-undurAdenosin TriphosphateUnggah-ungguh mertamuWidi WidajatPananggalan JawaFakhri SemekotMikro-organismeTiongkokLeléwaning basaUlah ragaKomengArsitektur JawiCumbana payudaraSutradharaSuthilWetengAK-47Tembung tanggapPurwapadaJangan lodhèhParikanSandi morseKarbonAmateur Night (filem)Bal-balanLangitTifaMikul dhuwur, mendhem jeroLiputan 6 PetangCahyaRerengganFilsafatSinarmas GroupBasaAranyakandaUkara gothangBasa JawaPangidhèntifikasi Obyèk DigitalKarangmoncol, PurbalinggaHappy AsmaraDian SastrowardoyoJoko WidodoBismaPalung MarianaAksara PégonGunung IjenKasurRuslanKabupatèn Penajam Paser LorMacapatSajarah Indonésia🡆 More