Lee De Forest

Lee DeForest (lair 26 Agustus 1873 – pati 30 Juni 1961 ing umur 87 taun) ya iku sawijining ahli fisika saka Amérikah Sarékat kang kasil naggone nemu triode utawa tabung audion ing taun 1906.

Lee De Forest
Lee De Forest
Lair(1873-08-26)26 Agustus 1873
Council Bluffs, Iowa
PatiJuni 30, 1961(1961-06-30) (umur 87)
Hollywood, Los Angeles, California
PakaryanInventor
Kondhang ingtriode
BojoLucille Sheardown (o. 1906)
Nora Stanton Blatch Barney (m. 1907-1911)
Mary Mayo (m. 1912-?)
Marie Mosquini (m. 1930-1961)
Wong tuwaHenry Swift DeForest
Anna Robbins
DulurCalvert DeForest, grandnephew

Panguripan

Dhèwèké minangka salah salah sawijining wong kang duwé jasa ing pangrembakane teknologi radio saliyané Marconi. Dhèwèké kerep diarani bapak radio, simbah telepisi, dhoktor fisika, lan wis kasil anggoné nyipta 300 panemon.

Triode utawa tabung audion ya iku sawijining piranti wigati kang akèh digunakaké ing radio,telepon, radar, telepisi, lan komputer. Ing taun 1912, De Forest nemu yèn triode utawa tabung audion bisa digunakaké minangka penguat sinyal listrik lan pembangkit osilasi. Nalika iku triode kerep digunakaké ing pirang-pirang piranti komunikasi, nanging kawit taun 1947 triode diganti déning teknologi transistor. Sanajan teknologi triode kang diciptake diganti karo tèknologi liyané, nanging De Forest tetep dianggep tokoh paling misuwur ing babagan elektronik.

De forest lair saka kulawarga pendeta. Bapake minangka pendeta fanatik kang kepéngin De Forest dadi pendeta kaya dhèwèké. Nalika umur 6 taun, dhèwèké karo kulawargané ngalih ana ing Alabama. Minangka sawijining pendeta kang apik, kulawarga De Forest tansah mbela kaum kang luwih sengsara. Bapake De Forest ngadegaké sekolah kanggo wong-wong négro sanajan éntuk tentangan gedhé saka wong-wong kulit putih.

Cathetan suku

Pranalar njaba


Tags:

18731906196126 Agustus30 JuniAmérikah SarékatFisika

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Yuri Gagarin1844Amérika SarékatPanamaGolfAktorEugenio MontaleAdamIwakCenilCathetan padinanWangsiDinaSogok telikBagongNyadranAustralian MuseumPlutoWayang purwa20ÉropaXboxBal-balanChazey-sur-AinBioteknologiWilangan pecahan22002Adobe Flash PlayerKunir asemPariwaraRerengganKairoJuni39Républik Rakyat CinaKagunanEmping mlinjoBanaadirZona ÉuroXia KulonGaon ChartParisKartiniAnak Jalanan (sinetron)Dadar gulung190598TitilarasWikibooksWayangDedi Natadiningrat9St. PetersburgUyon-uyon1962Bonang barungRio 2Hong KongSurat Al Anbiyaa’PangkurBlog64Segara AegeaKolang-kalingBarakudaSinom2001UbuntuSurat As SajdahOstenrik🡆 More