Listrik

Kalistrikan yaiku sipat barang kang metu saka anané momotan listrik.

Listrik uga bisa ditegesi kaya ing ngisor iki:

  • Listrik yaiku kaanan saka partikel subatomik tartamtu, kaya elektron lan proton, kang nyebabake narik lan mentale gaya ing antarané.
  • Listrik yaiku sumber ènergi kang disalurake jalaran kabel. Arus listrik ana amarga ana momotan listrik kang ngalir saka saluran positif menyang saluran négatif.
Listrik
Petir salah sijiné wujud listrik

Bareng karo magnetisme, listrik nggawe interaksi fundamental kang diarani elektromagnetisme. Listrik bisa kedaden amarga akèh fenomena fisika kang akèh dingerteni, kaya petis, medan listrik lan arus listrik. Listrik digunakaké ing indhustri kaya elektronik lan tenaga listrik.

Sipate listrik

Listrik nyebabake munggahe patang gaya dhasar kang alami lan sipaté kang ajeg ing barang kang bisa diukur. Ana ing kasus iki, frasa “jumlah listrik” uga digunakaké frasa “momotan listrik” lan uga “jumlah momotan”. Ana rong jinis momotan listrik yaiku positif lan négatif. Saka eksperimen, momotan kang padha jinisé bakal padha-padha nulak lan momotan kang béda jinisé bakal tarik-tarikan. Gedhé ne gaya tarikan lan tulakan iku dikukuhaké déning hukm Coulomb. Ana efek saka listrik kang dirembug ing fenomena listrik lan elektromagnetik.

Satan uni SI saka momotan listrik yaiku coulomb, kang duwé singkatan “C”. Simbole Q digunakaké ing persamaan kanggo ngewakili kuantitas listrik utawa matan. Tuladhané, “Q=0,5 C” tegesé “kuantitas momotan listrike yaik 0,5 coulomb”.

Yèn listrik ngalir saka bahan mirunggan, kaya wolfram lan tungsten, cahya pijar kang dipancarake déning logam iku. Bahan-bahan kaya ngono dianggo ing lampu bohlam.

Saben listrik ngalir mawa bahan kang ora duwé hambatan, mula bakal diculake panas. Saya gedhé arus listrike, mula panas kang metu bakal san saya dhuwur. Sipat iki dianggo ing elemen setrika lan kompor listrik.

Cathetan suku

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GambuhHappy AsmaraLuna MayaBasaPahlawan Nasional IndonésiaDhandhanggula1600Tembung YogyaswaraBaktèriKucingDhialèk PacitanMangsa pancarobaFlorentino PérezPétrukMegawati PrabowoWalisangaPurwapadaPada pangkatNagita SlavinaAkri PatrioWisanggeniGunung RaungTembung panggandhèngGamelanOséanografiBaworKartiniDrijiGiovanni van BronckhorstKasurGalileo GalileiSelena GomezTapéAnnisa TrihapsariAfiksMoskouLos AngelesRépublik Rakyat CinaCristiano RonaldoCrash Landing on YouBélarusGobag sodorChrisyeBlogꦲꦂꦥSjumandjajaGulagꦏꦱꦸꦂCumbana silitParto PatrioKenongJalaluddin RumiFosforGlenn FredlySinarmas GroupSepasaranBenikJustin BieberKangen Band (Grup Musik)Cut TariLorWedaÉkosistemSurjanPananggalan JawaWeightlifting Fairy Kim Bok-jooWikisastraꦕꦸꦏ꧀MenitAngga Aldi YunandaRobérto CarlosSèng🡆 More