Kurdhistan Irak, utawa sing resmi dijuluki Wewengkon Kurdhistan ing Irak (Kurdhi: ههرێمی کوردستان, salin aksara Herêmî Kurdistan) déning konstitusi Irak, ya iku sawijining wewengkon swatantra kang dunungé ana ing Irak pérangan kidul.
Wewengkon iki arang dijuluki Kurdhistan Kidul (Kurdhi: باشووری کوردستان, salin aksara Başûrê Kurdistanê), sanajan wong Kurdhi biyasané nganggep wewengkon kasebut minangka salah sawijining pérangan saka patang wewengkon kang kalebu ing Kurdhistan Magung, sing uga dumadi saka sawenèh pérangané Turki kidul-wétan (Kurdhistan Lor), Suriah sisih lor (Rojava utawa Kurdhistan Kulon), lan Iran lor-kulon (Kurdhistan Wétan).
Wewengkon Kurdhistan ing Irak | |
---|---|
Gunagita: Ey Reqîb "Oh Enemy" | |
Dedegkahanan | Wewengkon swatantra |
Kuthagara | Erbil (Hewlêr) 36°11′N 44°00′E / 36.183°N 44.000°E |
Brehakutha | kutha krajan |
Jawatbasa | Basa Kurdhi (Sorani) Basa Arab |
Agama | Islam (Sunni lan Singah), Kristen, Yazdânisme, Zoroastrianisme |
Wangsanama | Wangsa Wong Kurdhi Kurdhistani |
Papréntahan | Dhémokrasi parlemènter |
• Présidhèn | Kosong |
• Prime Minister | Nechirvan Barzani |
Paukumkaryan | Parliament |
Patetegadegan | |
• Prajanjèn ditandhatangani | 11 Maret 1970 |
• De facto otonomi | Oktober 1991 |
• Papréntahan wewengkon adeg | 4 Juli 1992 |
• Transitional constitution | 30 Januari 2005 |
• Independence vote held in favor | 25 Sèptèmber 2017 |
Pijembar | |
• Gunggung | 46.861 km2 (18.093 sq mi) |
Population | |
• Pikira-kira 2017 | 5,754,770 [a] |
GKK (angka) | Pikira-kira 2016 |
• Gunggung | $23.6 billion |
• Saben wong | $7,700 |
IPM (2014) | 0.750 dhuwur |
Artacihna | Dinar Irak (IQD) |
Laladan wektu | UTC+3 (GMT) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+3 (not observed) |
Nyetir ing | tengen |
Kodhé bèl | +964 |
TLD internèt | .krd |
Wewengkon iki sacara resmi kapréntah déning Kurdistan Regional Government (KRG), lan kutha krajané ana ing Erbil. Kurdhistan duwé sistem papréntahan dhémokrasi parlemènter kanthi Parlèmen wewengkoné dhéwé kang nduwé 111 kursi papréntahan. Masoud Barzani, kang kapilih dadi présidhèn ing 2005, kapilih manèh ing taun 2009. Banjur ing sasi Agustsu 2013, parlemèn nambahi mangsa papréntahané dadi rong taun, lan pungkasané ing 19 Agustus 2015 sawisé partai pulitik sing nyengkuyung dhèwèké gagal sarujuk bab nambahi mangsa papréntahané manèh.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kurdhistan Irak, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.