Joseph Brodsky miyos minangka Iosif Aleksandrovich Brodskiy (basa Ruslan: Ио́сиф Алекса́ндрович Бро́дский).
Brodsky inggih punika salah satunggaling penyair Uni Soviet-Amérika Sarékat, pamenang Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1987, lan Poet Laureate of the United States nalika taun 1991-1992.
Brodsky miyos wonten ing Leningrad, sapunika St. Petersburg saking kulawarga juru photo Yahudi taun 1940. Nalika wiwitan jaman alitipun, piyambakipun lolos saking Pengepungan Leningrad. Nalika yuswanipun 15 taun, sabibaripun tingkat 8, Brodsky ninggalaken sekolah. Brodsky makarya wonten ing kathah papan, kados ta griya sakit, griya séda, pabrik, ruangan ketel kapal, lan èkspèdhisi géologi.
Brodsky sinau piyambak babagan basa Inggris lan basa Polen, gadhah minat babagan filsafat klasik, agama, mitologi, puisi Inggris lan Amérika Sarékat lan wiwit nyerat puisi nalika taun 1958. Piyambakipun gadhah gelar wonten ing kawruh budaya. Pungkasan piyambakipun ngakoni bilig piyambakipun mbekta buku saking pundi kémawon piyambakipun manggihaken, kalebet ugi ingkang wonten ing tong sampah. Brodsky eném kasurung lan dipunpangaruhi penyair Anna Akhmatova ingkang nyebaraken sapérangan sajakipun "memikat".
Nalika taun 1963, piyambakipun dipuntuntut kanthi tudhuhan parasitisme sosial déning pamaréntah Uni Soviet. Kutipan misuwur saking cathetan pangadilanipun (dipunslundhupaken dhateng donya Barat):
Saking parasitismenipun, Brodsky dipunhukum kerja paksa 5 taun wonten ing "pembuangan dalam" lan pikantuk tugas 18 wulan wonten ing kawasan Archangelsk. Paukuman punika dipunkirangi wonten ing taun 1965 sasampunipun para sastrawan Soviet ingkang misuwur sami nindakaken protes.
Nalika pungkasanipun masa Perbaikan Khrushchev rikala taun 1960-an, namung 4 puisinipun ingkang dipunterbitaken wonten ing Uni Soviet. Sapérangan ageng karyanipun namung medal wonten ing Barat. Nalika tanggal 4 Juni 1972, Brodsky dipunasingaken lan dados warga nagara Amérika Sarékat nalika taun 1977.
Piyambakipun pikantuk kasuksesan wonten ing karieripun minangka penyair kanthi basa Inggris.
Brodsky Tilar donya amargi serangan jantung wonten ing kutha New York City nalika taun 1996 lan dipunsarékaken wonten ing pasaréan Isola ing San Michele, Venezia, Italia.
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Joseph Brodsky |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Joseph Brodsky, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.