Jersey

Jersey (Jerriais: Jèrri) iku siji dependensi makutha Britania Raya kang duwé status bailiwick (sajinis laladan kakuwasan) ing lepas pasisir Normandia, Perancis.

Bailiwick of Jersey
Bailliage de Jersey
Gendéra Jersey Lambang Jersey
Lokasi Jersey
Basa resmi Inggris, Perancis, Jerriais (basa regional)
Kutha krajan Saint Helier
Wakil Gubernur lan Kepala Komandan Sir John Cheshire
Bailiff Sir Philip Bailhache
Mata uang Pound Jersey (setara karo Pound Sterling)
Zona wektu UTC
Lagu kabangsan Ma Normandie,
God Save the Queen
Dina nasional 9 Mèi: Dina Kabebasan
TLD .je
Kode telepon +44-1534

Saliyané Pulo Jersey, bailiwick iki uga dumadi saka pulo ora ana kang ndunungi Minquiers lan Ecrehous. Jersey, bebarengan karo Bailiwick Guernsey, dadi Kapuloan Channel. Britania Raya nduwé tanggungjawab tumrap pertahanan pulo-pulo iki. Nanging Jersey dudu péranganing teritorial Britania utawa Uni Éropah, nanging kepemilikan kapisah the Crown.

Sajarah

Jersey dianeksasi déning William Longsword, pemimpin Duchy Normandia, taun 933. Katurunané, William si Penakluk, nguwasani Inggris ing taun 1066 kang ngakibatké Duchy Normandia lan karajan Inggris kabawah sajeroning siji wangun papréntahan monarki. Raja Yohanes kélangan kabè wewengkoné ing Normandia dharatan taun 1204 marang Raja Perancis, nanging tetep nguasani Kapuloan Kanal kang wiwit wektu iku duwé status papréntahan sendiri.

Jersey diduduki déning Nazi Jerman saka 1 Mèi 1940 nganti 9 Mèi 1945 samangsa Perang Dunia II.

Géografi

Jembar Pulo Jersey yaiku 118,2 km² kang dumunung ing Selat Inggris, watara 22,5 km saka Ujung Cotentin ing Normandia, Perancis. Pulo iki minangka pulo kang gedhé dhéwé lan paling kidul ing Kapuloan Channel.

Ékonomi

Ékonomi Jersey gumantung marang layanan finansial, pariwisata, internet lan tetanèn. Pajak pertambahan aji (PPN) ora ana ing pulo iki, saéngga rega barang méwah kerep luwih murah tinimbang ing Inggris. Tanggal 13 Mèi 2005, parlemen Jersey nyetujoni diberlakukannya pajak barang lan jasa kapétung wiwit taun 2008.

Produk pertanian paling akèh yaiku kenthang lan susu.

Dhémografi

Watara 50% populasi Jersey dudu kang ndunungi pribumi. 30% populasi kakonsentrasi ing Saint Helier, siji-sijiné kutha ing Jersey. Saka 88.000 kang ndunungi, 40%-né katurunan Jersey/Norman lan 40% liyané katurunan Britania. Golongan minoritas gedhé dhéwé yaiku wong Britania, Portugal (mligi wong Madeira), Irlandia lan Polen. Komunitas Perancis uga ana ing kana.

Sapérangan gedhé kang ndunungi asli Jersey nganggep dhiriné warga Britania lan ngregani gayutan mirunggan antara Makuthta Britania lan Jersey.

Pranala njaba


 
Kapuloan Kanal
Bailiwick Jersey: Jersey  Jersey | Les Minquiers | Les Ecrehous | Pirres de Lerq | Les Dirouilles
Bailiwick Guernsey:

Alderney | Jersey  Guernsey | Jersey  Sark | Brecqhou | Burhou | Casquets | Herm | Jethou | Lihou | Ortac | Crevichon | Les Houmets


Tags:

Jersey SajarahJersey GéografiJersey ÉkonomiJersey DhémografiJersey Pranala njabaJerseyBritania RayaGuernseyKapuloan ChannelNormandiaPerancisUni Éropah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Masjidil KaramTantowi YahyaStadion Jassim Bin HamadBanjirBasa Jawa KramaSrengéngéSamudra PasifikWikipédia basa JawaKrajan Sumedang LarangThe Sessions (filem)SepasaranDurmaGita GutawaRerengganItriumMahfud MD2020BiruEris (planit)Musiyum Bèntèng VredeburgBasa ngokoKomengSoehartoBasa kramaWikipédiaOrdo (biologi)Surat Al QadrSurat Ali ImranKarnaNapoléon Bonaparte2008Teuku RyanJohannes KeplerMikèl ArtétaArjuna SasrabahuRyan DelonLegawaWhitney HoustonLydia KandouAlgaSatelit alamiSistem operasi komputerMaulana Malik IbrahimVoliRukun IslamBasa MaltaLee Jong-sukKluwungKumbakarnaDivisi Regional I Sumatra Lor lan AcehKaskusFardhu 'ainBale Sigala-galaWiji jagungKandangan, Hulu Sungai KidulKartiniGFDLKangen Band (Grup Musik)Daftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaWayang kulitCatherine WilsonPratélan Mahamantri JepangBambang Hendarso DanuriMalaysiaFirman UtinaWirangrongLaptop1550-anXabi AlonsoFilem porno2020-anMario Maurer🡆 More