Républik Honggari (Hongaria) iku nagara ing bawana Éropa.
Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 11 yuta. Kutha krajané iku Budapest. Nagara iki wewatesan karo Ostenrik ing sisih kulon, Slowak ing sisih lor, Ukraina ing sisih wétan, Rumeni ing sisih kidul-wétan lan Kroasia sarta Serbia ing sisih kidul. Sajeroning basa saenggon, nagara iki dikenal minangka Magyarország sing tegesé laladan Magyar. Honggari mbentuk kumpulan Visegrád bebarengan karo Polen, Slowak lan Républik Céko.
Magyar Köztársaság | |
---|---|
Gunagita: Himnusz (Isten, áldd meg a magyart) | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Budapest |
Jawatbasa | Honggari |
Papréntahan | Républik demokratis |
Didirikan | |
• Banyu (%) | 0,74% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 10.070.000 (82) |
• Cacahjiwa 2001 | 10.198.315 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$162.289 juta (49) |
• Saben wong | US$16.627 (43) |
Artacihna | Forint (HUF) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
Kodhé bèl | 36 |
TLD internèt | .hu |
Ing mangsa Kakaésaran Rum, wong-wong Rum ngarani wewengkon iki Pannonia (sisih kulon Kali Danube). Sawisé Roma klebon suku-suku Jermanik lan tekanan saka bangsa Karpia, Periode Migrasi terus nekakaké akèh penyerang. Wiwitan teka wong-wong Hun, sing yasa sawijining imperium sing kuwat ing sangisoring Attila. Jeneng "Honggari" manawa kaprabawan déning bangsa Hun, sanadyan manawa jeneng iki asal saka jeneng aliansi Turkis ing abad kaping 7 sing karan Onogur. Sawisé papréntahan wong-wong Hun ilang, suku-suku Jermanik liyané ya iku wong-wong Lombardi lan Gepid kuwasa ing Pannonia sajeroning watara 100 taun. Ing mangsa iku uga suku-suku Slavia wiwit migrasi mangidul. Ing taun 560-an, banjur digantekake déning Avar sing kuwasa ing negri iku rong abad suwéné. Wong-wong Prancis ing sangisoring Charlemagne saka kulon lan wong-wong Bulgar saka kidul-wétan wusanane kasil nggulingake wong-wong Avar ing wiwitan abad angka 9. Sabanjure wong-wong Frankia mundur, lan karajan Slavonik Moravia Raya sarta Kepangeranan Balaton nguwasani sapérangan gedhé Pannonia nganti pungkasan abad iku. Wusanane bangsa Magyar migrasi menyang Honggari ing pungkasan abad angka 9.
Sacara administratif Honggari kapérang dados 19 kabupatèn. Nanging sanèsipun punika, wonten satunggal kutha krajan (főváros): Budapest. Wonten 23 kabupatèn kutha (wangun tunggal: megyei jogú város) ing Honggari, inggih punika:
Kabupatèn kutha | Kabupatèn (Kutha krajan kabupatèn) |
---|---|
|
|
Wiki Commons duwé médhia ngenani Category:Hungary. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Hungary. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Honggari, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.