Binariné dibabar rikala Maret 2019 ing RSA Conference; kodhe sumberé dibabar sasi pendhaké ing GitHub. Ghidra dipétung déning akèh panaliti kaamanan minangka tandhingané IDA Pro. Piranti alus iki tinulis mawa Java nganggo framework Swing tumrap GUI-né. Déné komponèn dékompileré tinulis mawa C++. Plugin Ghidra bisa digawé mawa basa pamrograman Java utawa Python (sarana Jython).
Perancang | NSA |
---|---|
Rilis pisanan | Maret 5, 2019 |
Versi rilis terbaru | 10.1.4 / Mèi 20, 2022 |
Basa pamrograman | Java, C++ |
Lisènsi | Lisènsi Apache 2.0 / Dhomain publik |
Situs web | ghidra-sre |
Ghidra wiwitané kawiyak menyang publik sarana WikiLeaks ing Maret 2017, nanging piranti alus iki ora sumedhiya tumrap bebrayan nganti setatus rahasiané dijabut lan resmi dibabar sawisé rong taun suwiné.
Ing Juni 2019, coreboot miwiti nganggo Ghidra kanggo upaya ngrékayasa walik babagan prakara firmware sawisé dibabaré kodhe sumber pakèt piranti alus Ghidra.
Ghidra bisa dianggo minangka debugger awit Ghidra 10.0. Debugger darbèké Ghidra nyengkuyung pan-debug-an kalawan modhe naraguna ing program Windows sarana WinDbg, lan program Linux sarana GDB.
Arsitèktur lan format binari kang disengkuyung Ghidra yaiku:
This article uses material from the Wiki Basa Jawa article Ghidra, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.