Candhi iku yasan kang lumrahé digawé nalika jaman kuna saka kabudayan Hindhu.
sing diarani candhi durung mesthi jaman mbiyené dadi panggonan kanggo ngibadah. Ana uga candhi kang mbiyèné kanggo patirtan utawa kraton. Candhi ya iku yasan tilas saking mangsa lampau ingkang dados panggonan ngibadah ngibadah, pura, patirtaan lan gapura agama Hindhu. Tembung candhi asalé saka tembung “Candhika” kang tegesé jeneng salah siji Déwa kematian (Durga). Amarga prakara mau candhi mesthi digayutake karo monumen panggon padharmaan kanggo muliakake ratu Anumerta (kang wis séda) tuladhané candhi Kidal kanggo muliakake Raja Anusapati. Penafsiran kang ana ing masarakat ya iku istilah 'candhi' mung ngrujuk saka yasan tilas jaman Hindhu-Buda ing Nusantara, ya iku ing Indonésia lan Malaysia waé (tuladhané: Candhi Lembah Bujang ing Kedah). Nanging saka sudut pandang Basa Indonésia, istilah 'candhi' uga ngrujuk marang kabèh wangunan sajarah Hindhu-Buda ana ing donya ora mung sing ana ing Indonésia lan Malaysia, uga Candhi ana ing Kamboja lan India, kaya ta candhi Angkor Wat ing Kamboja lan candhi Khajuraho ing India.
Antara abad ke-7 dan kaping 15 masehi, ratusan yasan keagamaan diyasa dari bahan bata merah atau batu andesit di pulau Jawa, Sumatera, dan Bali. Yasan ini ingaran candhi. Istilah ini juga merujuk kepada berbagai yasan pra-Islam kalebu gerbang, dan bahkan pemandian, akan tetapi manifestasi utamanya tetap ya iku yasan suci keagamaan. |
Candhi bisa migunani kanggo:
Struktur Yasan Candhi
Sistem tata letak komplék candhi
Candhi dibagi dadi
Pangyasa candhi digawé manut ketentuan kang ana ing kitab Vastusastra utawa Silpasastra kang digawé déning silpin ya iku seniman kang gawé candhi (arsitèk jaman dhisik). Salah saji péranganing kitab Vastusastra ya iku Manasara kang asalé saking India kidul, kang ora mung isi patokan-patokan gawé kuil. Salah siji ketentuan saka kitab saklitane Manasara nanging wigati ing Indonésia ya iku syarat yasan suci apiké diyasa cedhak banyu kali (mligi cedhak pertemuan 2 buah kali, tlaga, sagara.
Bahan-bahan kanggo gawé candhi:
Macem-macem dénah candhi:
Pérangan saka Candhi | Langgam Jawa Tengah | Langgam Jawa Wétan |
---|---|---|
Wujud yasan | Cenderung tambun | Cenderung dhuwur lan ramping |
Payon | Cetha nuduhaké undakan, lumrahé ana 3 tataran | Payoné dadi kesatuan tataran. Undakan-undakan cilik kang akèh minangka kesatuan payon kang melengkung alus. |
Kemuncak | Stupa (candhi Buda), Ratna utawa Vajra (candhi Hindhu) | Kubus (kebanyakan candhi Hindhu), kadang kala Dagoba kang wujudé tabung (candhi Buda) |
Gawang pintu lan rerenggan relung | Gaya Kala-Makara; kepala Kala nganggo mulut menganga tanpa rahang ngisor ana ing nduwuré lawang, gatuk karo Makara ganda ing sisih lawang | Mung kepala Kala tengah menyeringai lengkap karo rahang ngisor ana ing nduwur lawang, Makara ora ana |
Reliéf | Ukiran luwih dhuwur lan menonjol karo gambar bergaya naturalis | Ukiran luwih cendhak (tipis) lan kurang menonjol, gambar bergaya kaya wayang bali |
Tata letak lan lokasi candhi utama | Mandala konsentris, simetris, formal; kanthi candhi utama ana ing tengahé halaman komplkés candhi, diubengi jajaran candhi-candhi perwara kang luwih cilik ana ing barisan kang rapi | Linear, asimetris, ngetutké topografi (penampang ketinggian) lokasi; kanthi candhi utama ana ing mburi, paling adoh saka lawang lumebu, lan seringkali terletak ing lemah kang paling dhuwur sakompléks candhi, candhi perwara ana ing ngarep candhi utama |
Arah madap yasan | Akehé madep ngétan | Akehé madep ngulon |
Bahan yasan | Akehé watu andesit | Akehé bata abang |
Candhi-candhi ing Indonésia, ya iku:
Candhi-candhi ing Jawa Kulon ya iku:
Candhi-candhi ing Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, ya iku:
Candhi-candhi ing Jawa Wétan, ya iku:
Candhi-candhi ing Bali ya iku:
Candhi-candhi ing Sumatra, ya iku:
Candhi-candhi ing Kalimantan ya iku:
Candhi ing Kamboja:
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Candhi, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.