Reca

Reca utawi patung inggih punika wewujudan tiron wujud manungsa lan kéwan ingkang cara damelipun kanthi dipunpahat,dicor lan dipunbobok.

Pangertosan punika dhedhasar tarjemahan saking sculpture pahatan amargi pamatung jaman rumiyin kathahipun ngginakaken teknik mahat. Ing wekdal sapunika seni reca ugi dipunsebat plastic art, inggih punika seni plastis utawi seni wewujudan, maksudipun wewujudan ingkang éndah. Reca minangka seni plastis gadhah teges ingkang jembar, amargi boten namung wujud manungsa utawi kéwan kemawon, nanging wujud menapa kemawon ugi saged dipunsebat reca, syaratipun kedah gadhah unsur kaendahan. Wonten ugi ingkang negesi, bilih reca inggih punika karya tigang dhimènsi ingkang dipundamel kanthi teknik tartemtu. Reca minangka karya seni sampun wonten wiwit manungsa. Ing jaman prasajarah, ugi ing jaman Mesir Kina, Yunani Kina, lan karajan Hindhu Buda. Kathahipun reca dipundamel saking watu utawi kajeng. Reca punika wonten ingkang ageng lan wonten ugi ingkang alit lan kathahipun gadhah sipat religius lan dipun-ginakaken kanggé kabutuhan adat. Nanging wonten ugi ingkang gadhah mangfaat minangka rerenggan. Reca ing jaman samangke dipundamel saking manéka warni bahan lan gadhah sipat estetis (éndah wujudipun).

Reca
Patung David riptaanipun Michelangelo, salah satunggalipun karya patung ingkang misuwur

Cathetan suku

Pranala njawi


Tags:

BudaHindhuKayuKéwanManungsaMesir KunoSajarahSeniWatuYunani Kuno

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Cheng Ho6 AgustusSogok telik192263Lintang kidulCarpaccio1945Manchester City F.C.KubaIrakRengginangManukStephanie HandojoLisabonSurat At TalaqWortelOstraliWikisumberSurat As SajdahMijilWikibooksBorough (New York City)1903Wingko babat221994KalanjanaUniversitasBonang barung1979Shio1970-anWikipédia basa JawaAgus MustofaTugu YogyakartaKane WilsonBagongAbad ping 2Basa PortugisÉropa1898Piala Donya U-20 FIFAMiguel Arraes (aktor)Banyu1918DublinJanuari3Dedi NatadiningratRépublik Afrika TengahWayang kulitInternètTakbir2023Vladimir PutinAngkor WatMary Morrissey (Panulis)Basa PèrsiBarakudaRomaBung pring petungPaus Innosentius IVBengkulu98Adobe FlashAdobe Flash Player1958OsloHertzZona ÉuroMohammad Yamin🡆 More