Liberty Enlightening the World, kondhang minangka Statue of Liberty utawa Reca Liberty, iku sawijining reca ukuran raseksa sing dumunung ing Pulo Liberty, ing sungapan Kali Hudson ing New York Harbor, Amérika Sarékat.
Reca iki bebungah saka Prancis marang Amérika Sarékat ing pungkasan abad kaping 19 lan minangka simbul sugeng rawuh marang para tamu, imigran lan wong Amérika sing bali saka lelungan.
Patung Liberty | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | i, vi |
Rujukan | 307 |
Tlatah UNESCO | Amérika |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1984 (Sési kaping 16) |
Reca prunggu sing diserahaké ing tanggal 28 Oktober 1886 iki minangka bebungah satus taun kamardikan Amérika Sarékat lan minangka ungkapan kekancan antara kaloro nagara. Pemahat reca ya iku Frederic Auguste Bartholdi, lan Gustave Eiffel (désainer Menara Eiffel) ngrancang struktur penyangga jeroné. Reca Liberty iku salah siji lambang AS sing paling misuwur ing saindhenging donya, lan nglambangaké kamardikan lan kabébasan saka tekanan.
Wiwit taun 1984 reca Liberty lumebu sajeroning pratélan Situs Warisan Donya UNESCO
Artikel ngenani yasan tinamtu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Reca Liberty, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.