Wikileaks

WikiLeaks utawa Wikileaks iku sawijining organisasi internasional kang markasé dumunung ing Swédia.

Situs Wikileaks mbabar dhokumèn-dhokumèn winadi kanthi njaga idhèntitas para sumber-sumberé. Situs mau diluncuraké ing taun 2006. Wektu iki alamat situs wis dialihaké menyang http://www.wikileaks.ch kanggo alesan kaamanan.

WikiLeaks
Wikileaks
Jinising situs
Arsip dhokumèn
Kang duwéThe Sunshine Press
Digawé déningJulian Assange
Situs jaringanwww.wikileaks.org
RègistrasiSwasta
KababarDhésèmber 2006

Organisasi iki diadegaké déning disidhèn pulitik Cina, lan uga jurnalis, matematikawan, lan para tèknolog saka Amérikah Sarékat, Taiwan, Éropah, Australia, lan Afrika Kidul. Artikel koran lan kalawarti The New Yorker njlèntrèhaké yèn Julian Assange, jurnalis lan aktivis internèt Australia, minangka dirèktur Wikileaks. Situs Wikileaks migunakaké mesin MediaWiki.

WikiLeaks wis menangaké sawatara bebungah, kalebu New Media Award saka kalawarti The Economist ing taun 2008.

Ing sasi Juni 2009, WikiLeaks lan Julian Assange menangaké UK Media Award saka Amnesty International (kategori New Media) kanggo publikasi taun 2008 lan judhulé Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances, sawijining laporan déning Komisi Nasional Hak Asasi Manusia Kenya prakara rajapati déning pulisi ing Kenya. Ing sasi Mèi 2010, New York Daily News ndokok WikiLeaks ing peringkat kapisan minangka "situs kang tenan-tenan bisa ngowahi warta".

Cathetan sikil

Uga delengen

Pranala njaba


Tags:

Swédia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

RuwatanPecel léléMoskouUyon-uyonJinising paragrafGanjar PranowoBremAbdul SomadPujanggaAgus MustofaWarakNadiem MakarimWunguCut Nyak DhienSyekh Abdul Qadir JaelaniSrikandhiGlenn FredlyAksara PégonGarèngLondonSurat Al 'AlaqOlimpiadhe Mangsa Panas 2024ParikanGendéraGunung RinjaniYuni SharaWayback MachineIwan FalsPariwaraDavid BeckhamAlina KukushkinaBebrayan99 Cahaya di Langit Eropa (filem)W.S. RendraAGFDLLeléwaning basaArkéologiSepongKuwé lapisSunan KudusFabio CannavaroꦲꦺꦴꦧꦶArané pérangan awakfew5iNgontragaké gunungRévolusi PrancisJambiKorvètRépublik Rakyat CinaTimbanganTrombositSoekarnoDarius SinathryaLee Min HoRed Velvet (group)Manchester United F.C.Ryan GiggsDrijiAtambua, BeluÉjakulasi2006BanjirWayangMasturbasiPSV EindhovenMozambikAlbert Chinualumogo AchebeKazakhstanTal (topèng)Farhana NariswariAsmaradanaLiga Super Indonésia🡆 More