Pujangga

Pujangga iku wong kang pinter ing babagan basa utawa kasusastran.

Utawa uga pujangga iku wong kang pinter nganggit-anggit, ya iku ngarang utawa ngracik, kasusastran utawa basa amarga olèh wahyu. Para pujangga iku wis ana saka wiwitaning jaman, ing mèh kabèh budaya, lan ngripta karya-karya sastra awujud puisi (geguritan utawa tembang) mawa kwalitas kang séjé-séjé.

Etimologi

Tembung pujangga iku varian saka tembung bujangga. Ing basa Jawa Kuna, tembung bujangga iki katulis bhujangga lan kajupuk saka basa Sangskreta. Ing jaman Jawa Kuna, bhujangga iki tegesé para brahmana anom utawa siswané para brahmana.

Ciriné Pujangga

Pujangga iku kasinungan kalimpadan kang cacahé ana wolu yaiku:

  • Paramèngsastra yaiku ahli ing babagan sastra, ahli basa
  • Paramèngkawi yaiku ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang.
  • Awicarita yaiku limpad ing dongèng utawa carita kang nyenengaké
  • Mardawa-lagu yaiku pinter bab tembang lan gendhing. Mardawa tegesé alus.
  • Mardawa-basa yaiku ahli bab migunakaké basa kang ngresepaké, kang jalari trenyuhing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi sih wilasa, lan sapanunggalané.
  • Mandraguna yaiku wasis banget ing kagunan.
  • Nawungkridha yaiku alus pangrasané nganti bisa nanggapi krenteging atiné wong liya.
  • Sambégana yaiku utama banget uripé.

Réferènsi

Tags:

Tembang

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Toni KroosÉjaan Basa JawaPada lingsaꦧꦸꦥꦠꦶHypertext markup languageBale Sigala-galaꦕꦼꦊꦩ꧀ꦥꦸꦁRuwatanCristiano RonaldoUniversitas Sam RatulangiSitrusKaskusRamayanaWikisumberBratislavaParikanꦄꦱ꧀ꦥꦭ꧀ꦏꦼꦕꦥꦶWayang purwaJurudemungSemarAchmad SoebardjoꦏꦼꦕꦺꦂSengkalanSurat Al Anbiyaa’Denny CaknanTembung entar1838Jason StathamÈngklèkNurul ArifinMonumèn NasionalGunung geniꦮꦭꦶꦏꦸꦛKabiskopan ColimaYouTubeBulusꦧꦺꦴꦤꦁJihadWikipédia basa JawaWandaTedhak sitènMaskumambangSunniChris Evans (aktor)Onai MalikDNAꦢꦼꦩꦸꦁRuslanGugon tuhonSurat Al JinShigeo TokudaMacapatJermanSesorahSingaCiri wanci lelai ginawa matiTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Velove VexiaKarbon dioksidaAmangkurat IVMegawati PrabowoBasa kramaMasjid Menara KudusNathan Tjoe-A-OnPrabu Matswapatiꦱ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦺꦴLunpiaSumawanaS.S. LazioJinising paragrafꦏꦫꦮꦶꦠꦤ꧀Newcastle upon TyneMarshmello🡆 More