Buruh Migran

Buruh migran ya iku uwong kang lagi nindakaké sawijiné pakaryan ing papan panggonan sakliyané wong iku lair.

Buruh migran iku ora bisa mapan ing kana nganti suwé yén ora duwé tujuwan. Menawa buruh migran kang makarya ana ing nagara liya diarani 'pekerja asing' utawa buruh tamu. Organisasi Tenaga Kerja Nagarantara diétung taun 2014 kanthi 232 yuta migran nagarantara. Paling sethithik nganti 12 wulan manggon ana ing negara liya lan aktif ing kagiyatan ékonomi.

Prespéktif saka Amérika lan Asia

Ing kéné diandharaké ngenani loro prespéktif kang anané buruh migran saka benuwa Amérika lan Asia. Benua Amérika, ing kéné bakal diandharaké Kanadha, Amérika Latin, lan Amérika Sarékat kang kalebu nagara maju lan sebagiyan nagara ing Asia, bakal dijelasaké 4 nagara, ya iku Cina, India, Malaysia lan Indonésia. Rata-rata nagara ing Asia kang isih ngrembaka.

Amérika

Kanadha

Warga manca ditampa ing Kanadha kanthi sauntara yén dhèwéké duwe visa siswa, nggolék suaka, utawa duwé idin khusus. Nanging, kategori paling gédhé diarani Temporary Foreign Worker Program (TFWP), lan para karyawan digawa menyang Kanadha déning para juragan kanggo pakaryan tartamtu. Ing taun 2006, ana 265.000 buruh manca ing Kanadha.

Amérika Latin

Para imigran njupuk pakaryan apa baé kang kasedhiya. Pakaryan iku biasané kang migunaké kerja fisik lan éntuk upah kang ora adil. Kahanan iki uga ditegesaké ana ing artikel "Migrant Farmworkers: Is government doing enough to protect them?” lan para imigran ngrasakaké eksploitasi fisik uga éksploitasi ékonomi.

Amérika Sarékat

Green card workers ya iku kertu indhividu kang bisa gawé permanen mapan lan makarya ing Amérika Sarékat. Diversity Immigrant Visa (DV) Amérika Serikat ménéhi idin nganti 50.000 visa imigran kang diwénéhaké saben taun. Bantuwan iki nggampangaké warga manca kanthi imigrasi murah ing Amerika Sarékat kanthi kasempatan kanggo duwéni visa imigrasi.

Asia

Cina

Pamréntah Cina utawa diarani Tiongkok wis nyengkuyung migrasi kanthi tithik minangka cara nyedhiyakaké tenaga kerja ing pabrik lan situs konstruksi. Tujuwané ya iku kanggo ngowahi Cina saka ekonomi karebén dadi digdaya. Akéhé migrasi, Iki amarga wong keturunan Cina umumé dadi anggota kang ngambang ing status, amarga anané Chinese Hukou System.

India

Ana akéh wong saka Bangladesh lan Nepal marang India ing sawetara dekadé kepungkur kanggo nggolék pakaryan kang luwih apik. Ana sawijné panalitén nemokaké manawa para pekerja migran iki uga nandang gangguan, kekerasan, lan diskriminasi sajroné lelungan. Utamané, wanita Bangladesh kang ana ing bebaya.

Indonésia

Pedunung Indonésia, minangka nomer papat paling gedhé ing donya, wis ménéhi akeh carita ngenani tenaga kerja. Bisa uga, anané kekurangan pagawean ing omah, iki nyebabaké akéh warga Indonésia golék pakaryan ing nagara manca. Udakara 4,5 yuta wong Indonésia nyambut gawé ing nagara manca; 70% ing antarané ya iku wanita: umumé makarya ing sektor doméstik minangka pambiyantu ing omah lan séktor informal liyané. Umuré udakara 18 lan 35 taun. Lan 30% wong, biasané makarya ing kebon, konstruksi, transportasi lan séktor layanan. Ing taun 2014, Malaysia nggunakaké jumlah pekerja migran saka Indonésia kang paling gedhé, banjur padha mara ing nagara Arab Saudi lan Honkong.

Malaysia

Ing taun 2008, mayoritas buruh migran (1.085,658: 52,6%) asalé saka Indonésia. Banjur saka Bangladesh (316,401), Filipina (26,713), Thailand (21,065) lan Pakistan (21,278). Gunggungé pekerja migran saka negara liya ya iku 591.481. Yén ora dikontrol, bakal nyuda kasempatan wong lokal anggoné nggolék. Nanging, anané pekerja migran nambah apik negara lan nyuda gaji upah ing pasar tenaga kerja lokal. Sanajan entuk manfaat sing ditrapake ing negara pengirim lan nampa, akeh masalah sing muncul ing negara panampa, Malaysia. Cacahe buruh migran sing saiki ana ing Malaysia angel ditemtokake, sanajan nomer sing digunakake kanthi sah, kanthi paspor lan idin makarya.

Ékonomi

Buruh migran iku wis duwé lakon kang penting sacara nagarantara. Apa manéh anané globalisasi ékonomi ing jaman saiki. Gawé sansaya tambah akéh buruh migran nagarantara. saking akéhé buruh migran kang dibutuhaké negara maju, mula akéh buruh migran kang kurang kaprigelan saka nagara lagi arep ngrembaka. Miturut MIke dawis anané prekawis ngéné iki gawé munggahé papan kang ora pantes lan gawé 'kemiskinan' ing bebrayan. Buruh migran kang kurang kaprigelan ngéné iki biyasane saka désa-désa. Amarga, dhèwéké ora saguh tuku papan ana ing kutha mula bisané mapan ana ing panggonan kang rada pinggiran utawa 'kumuh' lan makarya ana ing séktor informal.

Pendhidhikan

Pendhidhikan ing kéné luwih ditujokaké marang bocah-bocah saka para pekerja migran kang lagi usaha kanggo madhakaké pendhidhikan. Anané relokasi dadi kagiyatan kang terus-terusan dadi sebab anané rasa kang ora bisa mandheg anggoné sinau. Kaya mangkéné iki gawé majuné kaprigelan saka bocah-bocah iki. Sanajan, relokasi iku uga duwéni sisih kang négatif kanggo siswa. Pisanan, gawé anané bocah kang mbedakaké budaya lan basa. Bocah-bocah migran uga kekurangan, amarga umumé urip mlarat lan kudu makarya kanggo mbiyantu kulawarga. Pancén ing jaman saiki akéh prekawis kanggo bocah-bocah buruh migran kanggo entuk pendhidhikan. Sanajan, tetep akéh kawicaksanan pangréhpraja, organisasi non-pamréntah, nirlaba, lan pakumpulan sosiyal kangggo mbalikaké munpangat sejatiné pendhidhikan kanggo buruh migran.

Éksploitasi

Anggoné njupuk pekerja nagarantara liwat agénsi tenaga kerja minangka fenoména umum ing negara maju, kaya ta Amerika Serikat utawa UAE. Utamané anggota komunitas kang rada ora duwé padha kepincut kanggo kanggo urip lan makarya ing AS. Sawetara agénsi kasebut nggawé janji-janji kang nyebabaké akéh wong kena tipu daya. Nanging, kang luwih ala manéh, ana buruh migran kang ditindhes lan dianiaya dening lembaga lan wong kang duwéni kuwasa. Kedadeyané kaya ta paspor lan tilpun dirampok, dikunjara ing omah majikan. Dadi, digawé adoh saka bebrayan, kanca lan kulawarga. Ana manéh dhèwéké ora nampa upah utuh lan kudu makarya tanpa ngaso. Para buruh migran uga ana kang ora éntuk panganan lan kahanan kang apik, uga ora éntuk tindhakan kanggo awak nalika lara.

Ing panalitén kang ditindakaké déning Human Rights Watch saka 99 buruh doméstik ing Uni Arab Emirates, 22 nyatakaké yén réspondhén tau dilarani sacara fisik. Para pekerja ora wani nglaporaké tindhakan kaya mangkana amarga wedi yén dideportasi lan ora bisa golék pakaryan kang luwih apik. Wis lumrah ing ana wanita dadi korban panganiaya lan diprakosa. Yén carita ora bakal ana kang ngrungokaké, malah akéh ang luwih precaya critané majikan kang wis nglarani iku. Akéh uga buruh migran kang lumayu saka oamh majikan banjur njaluk bantuan konsulat negarané. Nanging, prekara ngéné iki ya angél amarga papan kang adoh.

Kesèhatan

Monica Rosales (profesor saka Universitas Negeri Colorado) nggambaraké ing jurnal kanthi judhul "Life in the field: Migrant farm workers’ perceptions of work related injuries”. Rosales ngandharaké gayutané prekawis balung, pernapasan lan anané alérgi anggone buruh migran makarya, utamané petani ing papan pengungsian. Sakliyané iku uga ngandharaké babagan kahanan pengaruhé karo jiwa para migran. Rosales nagndharaké, "Rata-rata pangarep-arep urip para pekerja migran lan petani nganti umur 49 taun, dibandhingaké karo AS rata-rata nganti umur 75 taun." Anané upah kang ora tamtu, buruh migran asring golék kerja ing kahanan kang mbebayani. Rata-rata Pangarep-arep urip yén dadi buruh migran ing AS maju nganti 26 taun. sakliyané iku ing Singapura uga ditemokaké buruh migran, utamané ing Asia Kidul luwih saka 60% kang ngenténi upah utawa njaluk ganti rugi saka pengusaha kena lelara méntal.

Rujukan

Tags:

Buruh Migran Prespéktif saka Amérika lan AsiaBuruh Migran ÉkonomiBuruh Migran PendhidhikanBuruh Migran ÉksploitasiBuruh Migran KesèhatanBuruh Migran RujukanBuruh Migran

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Sepur Argo ParahyanganWayang kulitKim Tae-heeSurat An Nisaa’Rafael StruickRawonPlutoAngkor WatKabinèt Gotong RoyongSurat Al Anbiyaa’ÉjakulasiSalam Lintas AgamiLuna MayaRangkaian MelatiGamelanFlorentino PérezSrabiSalman bin Abdul-Aziz Al SaudNagita SlavinaKabupatèn FakfakLaura BasukiBibit WaluyoNeptuAngsangMilanoWingko babatTimahRadja NainggolanWukuReza RahadianBiografiSD Negeri 3 Jomboran, KlatenultravioletforexDua Garis BiruDrijiNike ArdillaKomando Daerah Militer III/SiliwangiviètnamTaun wuntuPrasasti YupaMoskouCharmanderKuwé lapisMia KhalifaAgeng TirtayasaMangsa katigaPHKebo bulé mati sétraÈnsiklopédhiBiskopLondonPutri PatriciaUBlock OriginISO 4217BleachCangkrimanRukun IslamTebuPSV EindhovenStadion SiliwangiPratélan Mahamantri JepangWadya BayaranMikèl ArtétaDanny WelbeckTembagaThe ChangcutersVoliFilem pornoLelara koronavirus 2019Bir PletokPariwaraBasa ngokoUlil Abshar AbdallaNyadran🡆 More