Antonín Dvořák

Antonín Leopold Dvořák (dipunungelaken:ˈantɔɲi:n ˈlɛɔpɔlt ˈdvɔr̝a:k) (lair ing Nelahozeves, caket Kitha Praha (nalika samanten mlebet wewengkonipun Kamaharajaan Ostenrik, 8 Sèptèmber 1841 – pati 1 Mèi 1904 ing umur 62 taun) inggih punika komponis Ceko saking aliran musik romantik.

Gaya musik Dvořák sok-sok dipunsebat "romantis-klasik sintesis". Karya-karyanipun inggih punika simfoni, padhuwan swanten, musik kamar, konserto, opera lan kathah orkèstra lan vokal instrumèn sanèsipun. Karyanipun ingkang paling misuwur inggih punika New World Symphony, Slanovic Dances, American String Quartet, opera Rusalka, Cello Concerto in B minor, lan paduan swanten karya Mater Stabat, Requiem, Op. 89, lan Te Deum.

Antonín Dvořák
Antonín Dvořák

Awal kagesangan

Dvořák miyos tanggal 8 September 1841, ing désa Bohemia saking Nelahozeves, caket Kitha Praha (sadèrèngipun mlebet kamaharajaan Ostenrik, lan sapunika mlebet Républik Ceko. Panjenenganipun dipunbaptis minangka tiyang Katulik Roma ing gréja St. Andreas. Gesangipun ing Nelahzoves saged nuwuhaken iman Kristen ingkang kiyat lan tresna kaliyan warisan Bohemian ingkang salajengipun mangaruhi karya musikipun. Ramanipun, František Dvořák (1814-1894) gadhah panginepan, juru main profésional sitar, lan tukang daging. Sanajan ramanipun péngin Dvořák dados tukang daging, Dvořák tetep nglajengaken sekolahipun ing babagan musik. Panjenenganipun nampi pendhidhikan musik ingkang kapisan ing sekolah désa taun 1847 nalika yuswanipun nembé enem taun, saking 1857-1859.

Cathetan suku

Pranala njawi

Antonín Dvořák 
Wikisource
Wikisource basa Inggris ndarbeni kaca perkawis


Tags:

1 Mèi184119048 SèptèmberCekoPraha

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

13 AgustusSisingamangaraja XIITom CruiseTèknologiKasus génitifSamudra PasifikPageblug Covid-19MajapaitPawadonanPétrukCut Nyak MeutiaMark van BommelTèknologi informasiLintangSimon PetrusGerakan Pramuka IndonesiaKomètAnwar FuadyAthletic BilbaoGibran RakabumingTaunMasjidil Karam25 AgustusEgy Maulana VikriShinzō AbePanakawanLee Jong-sukGunung LawuMario GötzeMalaysiaBinahongTitiek PuspaÉjaan Basa JawaLiga Super IndonésiaTadashi MaedaXHamsterFlorentino PérezNovèlYuni SharaMontorKansai PaintKabupatèn KarangasemNike ArdillaWhitney HoustonKhulafaur RasyidinSandy WalshWajikBumiPratélan Mahamantri JepangMarie AntoinetteWayang golèkSrengéngé mlethèkWawancaraKembang sepatuSurat Ali ImranBambang Hendarso DanuriSurat Al IkhlashTasMijilWibisanaJoko WidodoRamaChairil AnwarArimbiMangsa pancarobaDeswita MaharaniGemblongOmah JogloAgeng TirtayasaPlutoKarbonBrésaolaDramaThiwul🡆 More