Ali-Ali

Ali-ali ya iku rerenggan awak kang wanguné bunder, ukurané cilik lan dianggo ing driji.

Driji kang lumrahé dianggoni ali-ali ya iku driji tengah lan utawa driji manis. Déné ali-ali kang dianggo ing driji manis lumrahé ali-ali tunangan utawa ali-ali kawin utawa diarani cincin kawin. Ali-ali ana kang diwènèhi pepaès wujud permata utawa berlian lan ana kang mung bunder polos. Ali-ali kena dianggo wong lanang utawa wong wadon. Ali-ali digawé saka emas utawa logam liyané, plastik, balung, kaca, berlian, batu permata, lan bahan liyané. Saiki ali-ali uga ana kang digawé saka monel, pérak , lan monté-monté kang kanggo rerenggan.

Ali-Ali
Ali-ali
Ali-Ali
ali-ali perak abad 20 seko mesir

Pakulinan mènèhi lan nampa ali-ali wis ana wiwit 4.800 taun kapungkur. Ali-ali pernikahan lumrahé dipasang ing driji manis. Pakulinan iki asalé saka kapercayan wangsa Tudor ing abad 16. Kapitayan iki nerangaké yèn driji manis kang kiwa iku nduwéni sesambungan karo pembuluh darah kang nyambung langsung ing jantung. Mulané yèn wong ngenggo ali-ali ing driji manis iku bisa mratandhaké yèn wong iku lagi nduwéni sesambungan katresnan karo lawan jinis.

Sajarah

Ali-ali kawin asalé nalika Pharaohs of Egypt utawa pharaoh saka Mesir kang ndadékaké lingkaran dadi simbol. Bunderan utawa lingkaran ora nduwé pucuk lan bongkot dadi ora mandheg lan terus nyambung. Simbol iki mratandhaké kalestarèn utawa kalanggengan. Ali-ali lagi dadi simbol kawinan nalika jaman Romawi. Ali-ali kawin kang sepisanan digawé saka wesi. Sawisé iku lagi digawé ali-ali saka emas awit bahan emas katon luwih éndah. Sawisé iku ali-li banjur dikombinaséké karo berlian utawa permata.

Cathetan suku


Tags:

BalungDrijiDriji manisDriji tengahEmasKacaKawinLanangLogamPlastikPérakRerengganWadon

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TaunCumbanaGBasa Jepang5 OktoberMendhem ari-ariMicrosoft WindowsWayang purwa1951197019122023Wangsa QingTvOneWadon1920Heather StormSinom1911Thomas MannBumiGeorge BestRengginang1961GarèngPatih SuwandaWuku JulungwangiSurat Al IkhlashMartin Luther King, Jr.1905Éropa Kulon2018Wingko babat2004Rio 2Enting-enting gepukPangkurBlogShabeellaha HooseViètnamGamelanPrajuritLintang kidulSiprusKopiAmir TatalooMicrosoftBanaadirGoogleWayang kulitKanadhaMaliUpacara tingkebanRomaMohammad HattaJanuari22Australian MuseumSpektrum elektromagnetikKerata basa25 NovèmberMilimèterKubaKanthong semarGajah MadaTugu Yogyakarta48PariwaraMatématika1980OrganismeMars🡆 More