Mendhem Ari-Ari

Mendhem ari-ari iku upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning laladan-laladan (suku-suku) liya.

Ari-ari iku pérangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari ya iku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).

Ing Jawa ana kapercayaan sadulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa akasa. Wong Jawa percaya yèn ari-ari iku sejatine salah siji sadulur papat utawa sadulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga upamané enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwènèhi lampu (lumrahé senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbul "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).

Tata cara

Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurungé ari-ari dilebokake, alas kendhi diwènèhi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu utama omah.

Sing mendhem kendhi kudu bapak kandung bayi.

Uga delengen

Mitoni > Mendhem ari-ari > Brokohan


Tags:

Ari-ariEmbing-embing

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Florentino Pérez10 JanuariPagawéanMuhammad Arsyad al-BanjariTetanènAlyssa SoebandonoUNESCOAsmaradanaAldosteronBisnisDrumKlawuFinlanMoskouInternet ExplorerArjuna SasrabahuUpacara tingkebanTjong A FieBarack ObamaSaturnusLechonaLos AngelesSintaChairul TanjungMartha TilaarKarajan Sumedang LarangSabak digitalTvOneLombokKresnaPanambangIrakWadhukÉritréaHasyim Asy'arieAsem sulpatTata SuryaTarakan TVBovidaeJerome PolinMasjidil KaramTimahAfrikaPurwakanthiDjauhariTeuku UmarBeşiktaş JKZanzibarLurung GazaIdul FitriNgupatAlina KukushkinaStadion SiliwangiArgèntinaAlfabèt fonètis NATODramaBélarusTembung tanggapGajahAnomanFanny FabrianaKylian MbappéHajar AswadNelson H.H. GraburnJulius CaesarThe S.I.G.I.TBlogFilem porno2014DelimaBank MandiriReza Rahadian1578🡆 More