Aksara Nusantara iku menéka warna aksara/tulisan sing naté digunakaké ing Nusantara sadurungé dikenal aksara arab lan aksara latin.
Seka runutan sing bisa digayuh, para leluhur bangsa Indonesia migunakaké aksara-aksara iku digunakaké nganti abad angka 4, kanthi ngrujuk marang tinggalan prasasti-prasastri lan naskah karajan sing wis liwat.
Aksara-aksara Nusantara minangka turunan saka Aksara Pallawa sing ngrembaka ing India sisih kidul. Aksara Pallawa dhéwé minangka turunan saka Aksara Brahmi. Aksara Brahmi iki cikal bakalé kabèh aksara ing wewengkon Asia Kidul lan Asia Tenggara.
Bukti tuwa dhéwé ngenani anané Aksara Nusantara iku wujud pitung yupa (saka watu kanggo nyencang tali sapi) sing ana tulisan prasasti ngenani upacara ‘’waprakeswara’’ sing diadani déning Mulawarmman, Raja Kutai ing wewengkon (saiki) Kalimantan Wétan. Tulisan ing yupa iku migunakaké Aksara Pallawa kanthi basa Sansekerta. Adhedasar pratijo marang wujud aksarané, para ahli purbakala nyipati yèn yupa iku digawé abad kaping 4.
Aksara-aksara Nusantara iku dhéwé wis nyedhaki ilang lan ora naté kanggo urip padinan. Sawetara pamarintah laladan nyoba nglestarèkaké tinggalan kabudayan iku.
Jaman Klasik:
Jaman Pertengahan:
Jaman Kolonial:
Zaman Modern:
Manut ilining jaman, budaya, lan basa masarakat, aksara pancèn jamak ngalami owah-owahan wujud, jumlah, lan unèn-unèné. Owah-owah mau tetep ora ngowahi yèn terus dadi aksara anyar. Upamané, aksara arab sing nulis Basa Arab mung béda sithik karo aksara arab sing kanggo nulis basa Melayu. Mula saka iku, dadiné akèh variasiné.
Ana sawatara variasi Aksara Nusantara, antarané:
Brahmi | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
IndiaUtara | IndiaSelatan | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Pranagari | Nagari | Pallawa | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Kawi | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Buda | Jawa | Bali | Proto-Sumatra | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Batak | Kaganga | Bugis | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Baybayin | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Aksara Nusantara, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.