Aksara Sundha: Aksara basa Sundha

Aksara Sundha (ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ) iku ngrujuk ing siji sistim panulisan kasil karya bangsa Sundha kanggo nulisaké basa Sundha.

Aksara Sunda iku ngrujuk ing aksara Sundha Kuna kang dienggo saka abad kaping 14 nganti tekan abad kaping 18.

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha
Aksara Sundha dienggo nulisaké araning siji yasan ing salah sijining paguron ndhuwur ing Bandhung.

Sajarah

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha 
Prasasti Astana Gedé Kawali saka jaman Sundha-Kawali abad kaping-15, tulisané nganggo aksara Sundha Kuna.

Saliyané nganggo aksara Sundha Kuna, bangsa Sundha tau ngerti lan nganggo sistém aksara liyané, antarané

Sacara resmi, pamaréntah Jawa Kulon ngetokaké Perda taun 2003 kanggo njurung aksara Sunda bèn bisa dienggo sadina-dina.

Komputerisasi

Komputerisasi aksara Sundha nalika metuné publikasi resmi aksara Sundha saking Pamaréntah Jawa Kulon. Conto pisanané "Aksara Pakuan" ing wujud OTF.

Liyané saka aksara mau, ing wulan Januari 2006, proposal kanggo kodhifikasi Aksara Sundha ing format Unicode wis dikirimaké menyang konsorsium Unicode . Prosès iki bakal lumaku suwéné rong taun. Diarepaké ing taun 2008, aksara Sundha wis bisa lumebu ing susunan Unicode vèrsi 5.0.

Susunan Aksara Sundha

Aksara Sundha bisa dipérang dadi sawatara komponèn, antarané:

  • aksara nglegena (aksara wyanjana)
  • aksara swara
  • sandhangan swara
  • paugeran tandha waca
  • angka

Aksara nglegena

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha 

Aksara swara

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha 

Sandhangan swara

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha 

Angka

Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha 

Conto panganggonané

Asmarandana

Tèks Sundha Alihaksara Sundha Jarwa ing basa Jawa
Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha  Éling éling masing éling,

rumingkang di bumi alam,
darma wawayangan baé,
raga taya pangawasa,
lamun kasasar lampah,
napsu nu matak kaduhung,
badan anu katempuhan.

Éling éling mbok ya éling,

Yèn nglelana ing bumi alam,
Darma wewayangan waé,
Raga 'ra ana kuwasa,
Upama kesasar mlampah,
Napsu kang marakké getun,
Awaké kang kudu kurban.

Ladrang

Tèks Sundha Alihaksara Sundha Jarwa ing basa Jawa
Aksara Sundha: Sajarah, Komputerisasi, Susunan Aksara Sundha  Aya hiji rupa sato leutik,

Éngkang-éngkang, éngkang-éngkang,
Sok luluncatan di cai,
Ari bangun arék sarupa jeung lancah.

Ana siji rupa kéwan cilik,
Éngkang-éngkang, éngkang-éngkang,
Senengé loncat nèng banyu,
Nèk wanguné ngarep padha karo kemangga.

Cathetan sikil

Tags:

Aksara Sundha SajarahAksara Sundha KomputerisasiAksara Sundha Susunan Aksara Sundha Conto panganggonanéAksara Sundha Cathetan sikilAksara SundhaAbad kaping 14Abad kaping 18

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BiografiMario MaurerGading MartenWikimaniaPurwapadaPandhitaSunan BonangAngklungWoh mangsiKethoprakHappy AsmaraPageblug Covid-19Gisella AnastasiaBeetWayang sadatHirohitoWangsalanOmah KampungCepu, BloraIndhiWesiCalon ArangNafa UrbachMihrabAntariksawanKabupatèn LamonganPrabu MatswapatiBlangkonDhialèk PacitanKim Tae-heeSathya Sai BabaJalaluddin Rumiꦢꦏꦿꦺꦴꦤ꧀Keshogunan TokugawaKumbakarnaPramoedya Ananta ToerCIASufismeDaérah IstiméwaDluwangꦱꦸꦗꦺꦤ꧀SrabiRéyogDhaptar istilah militèr Tentara Nasional IndonésiaWajanTembung sesulihRukun IslamSurat Al Anbiyaa’Sega liwetGambyong pareanomBarakudaKalanjanaSohanYérusalemKerak telorBenikAhmad DahlanSesorahWaring Wéra WanuaLionel MessiWilhelmina saka WalandaCatherine WilsonTupigSetuWedhus gèmbèlBedaliDewan Perwakilan Rakyat DaerahWindows 95WarkopWadhukJerome PolinArsitektur Jawi🡆 More