Atom kuwe satuan utawa bagian sing cilik pisan nang kabeh benda, dadi kabeh benda utawa materi kuwe kesusun sekang kumpulan atom.
Atom kesusun sekang tiga jenis Partikel Subatom yakuwe:
Kabeh unsur kimia kuwe dibedakna sekang jumlah proton sing ana nang jero atom. Kabeh atom duwe jumlah elektron sing padha karo jumlah proton-e, ning angger beda, atom kuwe diarani ion. Atom sekang unsur sing padha bisa nduwe jumlah netron sing beda, sing penting jumlah proton karo elektron ora berobah. Atom sing duwe jumlah netron sing beda diarani isotop.
Jane akeh unsur-usur liya sing dicipta menungsa, ning umume dadi ora stabil tur biasane langsung berobah dadi unsur kimia natural sing stabil, kuwe liwat proses radioaktifitas.
Jumlah unsur pancen mung ana 91 unsur nang alam kiye, ning atom-atom kuwe bisa nganakna ikatan kimia karo atom liyane nggo mbentuk molekul utawa mbentuk jenis senyawa kimia liyane. Molekul kebentuk sekang akeh atom contone molekul banyu kuwe kombinasi sekang 2 atom hidrogen karo 1 atom oksigen.
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Atom, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.