Uwur-Uwur: Kéwan segara

Rhizostomae

Uwur-uwur
Uwur-Uwur: Kéwan segara
Chrysaora quinquecirrha
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Cnidaria
Klas: Scyphozoa
Goette, 1887
Ordo
Stauromedusae
Coronatae
Semaeostomeae

Uwur-uwur iku sajinis kéwan sagara saka suku Scyphozoa. Awaké awangun kaya payung mawa rumbai, bisa agawé rasa gatel yèn kasénggol. Uwur-uwur tinemu sepisanan kurang luwih 650 yuta taun kapungkur. Nalika iku, uwur-uwur tinemu ing saben sagara. Saliyané iku, uwur-uwur uga tinemu ing banyu kang tawa. Uwur-uwur duwé istilah liya yaiku Medusa (Plural Medusae). Medusa iku dadi istilah kanggo uwur-uwur kang urip ing Yunani, Finlan, Portugis, Rumania, Ibrani, Serbia, Kroasia, Spanyol, Perancis, Italia, Hungaria, Polen, Ceko, Slowak, Ruslan lan Bulgaria. Uwur-uwur ora kalebu jinis iwak, mulané American Public Aquariumsk wis mènèhi jeneng jeli laut (sea jellies) kanggo uwur-uwur. Lumrahé sakelompok uwur-uwur lumrahé diarani kanthi jeneng bloom utawa swarm. Uwur-uwur ora duwé sistem pernafasan awit kulité kang tipis lan awaké kang wis kaisi oksigèn kanthi sistem difusi. Uwur-uwur ora nduwé utek apadené sistem saraf pusat, nanging uwur-uwur duwé jaringan saraf kang longgar kang manggon ing epidermis kang uga diarani jaring saraf. Awak uwur-uwur ngandhut banyu punjul 90%. Payung uwur-uwur duwé bahan kaya ager-ager utawa jeli. Payung iki diarani mesoglea. Payung iki duwé lapisan sel kang cacahé loro kang manggon ing sandhuwuré payung. Déné pérangan ngisor awaké diarani bel. Uwur-uwur duwé sistem reprodhuksi kang unik yaiku uwur-uwur lanang bakal ngetokaké sperma lan uwur-uwur wadon bakal ngetokaké sel telur, sawisé iku sel telur bakal dibuahi sperma lan bakal urip dadi organisme anyar. Uwur-uwur duwé racun kang bisa nggawe mati. Saben tentakel duwé kurang luwih 500.000 harpun sindasites kang dhapuré kaya dom kang bisa disuntikaké ing mungsuhé.

Uwur-uwur uga tau nganggu salah sijiné pembangkit listrik tenaga nuklir kang ana ing Sekotlan, Inggris. Tumpukan uwur-uwur kang ana ing saubengé PLTN nyumpeli saluran-saluran kang ana ing PLTN.

Cathetan suku


Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Républik Rakyat CinaUdohCacah sirah79TanggalSemir rambutJuliPeru8655Heather StormAustralia TerbukaSurat Adh DhuhaOhioAmoniaJayaningrat (Patih Surakarta)LindhuJuniRanah internet tingkat paling dhuwur923Sirimavo BandaranaikeJim MorrisonSurat Al An’amDeng XiaopingIndhonésiaWiki Foundation2Kabupatèn Konawé KidulAkuariumTata Surya1903Brandon SalimKunthiNidjiSurat Al 'AlaqTvOneDracula (novel)GS1FK Kauno ŽalgirisDedi NatadiningratWalabiSegara Abang3Départemèn ing PrancisUlu Rawas, Musi Rawas2013Snoop Dogg41Manuel RoxasMelaminaAngga Aldi YunandaYamaha L2 SuperSiramanGunawan SudradjatKarna2024Cak Percil19Kuntiboja18512003IrakParitas daya tukuBaladéwaWarner Bros1900Chicago, IllinoisAirlangga HartartoInsinyur5WayangGaya asuManungsaBalap motor🡆 More