Ula Weling

Coluber candidus Linnaeus, 1758Bungarus javanicus Kopstein, 1932

Weling
Ula Weling
Ular weling, Bungarus candidus
dari Tamanmekar, Pangkalan, Karawang
Ula Weling
Ora Nyamari  (IUCN 3.1)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Elapidae
Génus: Bungarus
Spésies: B. candidus
Jeneng binomial
Bungarus candidus
(Linnaeus, 1758)
Sinonim

Weling utawa ula weling (Bungarus candidus) ya iku sejinis ula kang duwé upas saka suku Elapidae; nyebar ing Asia Tenggara nganti ing Jawa lan Bali. Ing pira-pira panggonan dikenal minangka ula belang, jeneng kang uga diwènèhaké kanggo ula welang (B. fasciatus). Ula warakas saka laladan Cirebon-Indramayu lan sekitaré ya iku wujud ireng (melanistik) saka weling. Sajeroning basa Inggris dikenal minangka Blue krait utawa Malayan krait.

Pangenalan

Ula Weling 
Close up ndas

Ula kang ramping lan ora rodok dawa; saka ndas nganti buntut sakiwa-tengené 100 cm, kanti dawa maksimal sakiwa-tengené 155 cm Buntuté sakiwa-tengené 15% dawa total.

Siséh dorsal (geger) belang ireng lan putih, ana sakiwa-tengené 30-an belang ireng saka éndas nganti buntut. Lumrahé ana titik keirengan utawa kecoklatan ing pérangan putihé. Belang kang pertama paling amba, nyakup uga ndasé kang wernané ireng, lan luwih amba daripada belang putihé. Selot memburi, belang irengé selot ciut lan selot padha, sebanding utawa luwih ciut saka putihé. Werna irengé kandang rodok kecoklatan utawa kebiruan, lan putihé kadang rodok kekuningan. Siséh ventral (weteng) wernané putih sekabèhané utawa rodok kekuningan.

Ula kang isih cilik ora ana titik-titik ireng ing pérangan putihé, lan duwé corak lekukan putih ing kiwa-tengené gulu.

Ula Weling 
Ventrale putih polos, sisik vertebrale amba

Sisik ventral 209-219, anal tunggal (ora kapérang), subkaudal 40-50, kabèh tunggal. Sisik dorsal sajeroning 15 deret, sisik-sisik vertebral ukurané luwih gedhé; perisai labial nduwur 7 iji, kang kaping-3 lan kaping-4 ngemèk mata. Buntuté cilik normal, nganti ing pucuké kang lancip.

Panyebaran

Weling dingertèni nyebar ing Thailand, Kamboja, Vietnam, Ujung Malaya, Singapura, Sumatera, Jawa, Bali lan Sulawesi.

Ékologi lan pakulinan

Ula Weling 
Foto tempoh doeloe

Ula iki tinemu ing dataran endèk nganti wewengkon pagunungan ing elevasi 1.200 m dpl. Weling urip ing alas-alas dataran endèk kang lembab utawa garing, alas pagunungan, alas mangrove, semak belukar, perkebunan, lahan pertanian, lan ing kiwa-tengené omah-omah. Lumrahé jinis iki ditemoni ana panggonan kang relatif kabukak, kerep ing cepaké banyu, nanging uga ing pérangan kang garing.

Ula weling sifaté terestrial, urip ing sakduwuré lemah, lan lumrahé nokturnal, lan metu sawisé peteng saka bolongan-bolongan umpetané, utawa saka ngisor tumpukan kayu, watu, utawa vegetasi kang rapet. Ing wayah awan ula iki cenderung alon lan wedian. Yèn diganggu, weling kerep ngumpet ing ngisor gulungan awaké.

Mangsa mligi ya iku jinis ula liyané; saliyané iku uga mangan kadal lan kodok. Weling sifaté ovipar, saben ngendog sakiwa-tengené 10 iji.

Cathetan sikil

Tags:

Ula Weling PangenalanUla Weling PanyebaranUla Weling Ékologi lan pakulinanUla Weling Cathetan sikilUla WelingCarl Linnaeus

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Deswita MaharaniIndonesiaRukun ImanPutri PatriciaAri SihasaleKrajan Sumedang LarangSergio RomeroTeguh OstenrikSon Heung-minGunung RaungPulusStadion SiliwangiLydia KandouAljabarDanny WelbeckDenny CaknanGambangPersija JakartaJenang sungsumOrganismeTombiliKomètLionel MessiPiknik wudaLemperIwan FalsFilipinaFosforGong YooSengkalanSerat WulangrèhHasyim Asy'arieLee Jong-sukIwel-iwelRama TambakAdolf HitlerKapadhetanJinising paragrafBaworWali BandMartha TilaarTantowi YahyaKapuloan MalukuKodhok godhogGlenn FredlyDewan Perwakilan RakyatMia KhalifaRayapWingko babatultravioletCornelia AgathaBlangkonFotografiBasa MalayuBonang barungJamur merangPlanit cilikPortegalGisella AnastasiaIndhonésiaPucung5 FèbruariParto PatrioAmateur Night (filem)KegMangsa pancarobaAri SigitMajapaitKabinèt Gotong RoyongStadion Jassim Bin HamadBudaBasa JawaZulkifli Hasan🡆 More