Timor Wétan: Nagara ing Asia Kidul-Wétan

Timor Wétan utawa Timor-Leste utawa Timor Lorosa'e iku nagara ing Asia.

Nagara iki wewatesan karo Indonésia lan Australia. Wewengkon mligi dumunung ana ing sisih wétan pulo Timor, nanging saliyané iku wewengkon nagara iki uga nyakup pulo Kambing utawa Atauro, Jaco, lan eksklave Oecussi-Ambeno ing Timor Kulon. Kutha krajané yaiku Dili. Minangka sawijining nagara sempalan saka Nagara Kesatuan Républik Indonésia, Timor Wétan kanthi resmi mardika ing tanggal 20 Mèi 2002. Nalika Timor Wétan dadi anggota PBB, nagara iki mutusaké nganggo jeneng asal Portugis yaiku "Timor-Leste" minangka jeneng resmi nagara.

Timor Wétan
Repúblika Demokrátika Timor Lorosa'e
República Democrática de Timor-Leste
Républik Dhémokratik Timor Wétan
Gendéraning Timor Wétan
Gendéra
Aditamènging Timor Wétan
Aditamèng
Motto: Unidade, Acção e Progresso
(Portugis: "Kamanunggalan, Aksi lan Kamajuan")
Gunagita: Pátria
Dunungpenering Timor Wétan
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Dili
JawatbasaTetun, Portugis
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
bisa dilirwakaké
Population
• Pikira-kira 2006
978.590 (152)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$0,37 miliar (185)
• Saben wong
US$400 (192)
ArtacihnaDolar AS
Koin centavo ()
Laladan wektuUTC+9
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+9
Kodhé bèl670
TLD internèt.tl
Timor Wétan: Sajarah, Pulitik, Kabupatèn (dhistrik)
Maca ing Timor-Leste

Sajarah

    Artikel utama: Sajarah Timor Wétan
  • Abad angka 16: Tekané bangsa Portugis
  • 1902: Pamérangan Timor antara kaum Portugis lan Walanda kanthi definitif
  • 1975: Timor Wétan dikléndranaké déning Portugal kang lagi ana kadadéan Revolusi Anyelir
  • 1976: Integrasi menyang Indonésia
  • 1976-1980: Perang sadulur; watara 100.000-250.000 jiwa tiwas
  • 1991: Insiden Santa Cruz
  • 1999: Referendum pamisahan dhiri Timor Wétan diidinaké déning présidhèn B. J. Habibie
  • 1999: Campuh antara pro-lan anti-kamardikan lan pangungsèn warga Timor Wétan
  • 2002: Madegé nagara Timor Wétan
  • 2006: Saprotelon mantan wadya nasional Timor Wétan mbaléla nuntut kaadilan; pecah konflik antara pihak pulisi kang njurung pamaréntah nglawan pihak militèr

Pulitik

    Artikel utama: Pulitik ing Timor Wétan

Kepala Nagara Républik Timor Wétan yaiku présidhèn, kang dipilih kanthi langsung kanthi mangsa ngabekti 5 taun. Sanajan fungsiné mung seremonial waé, présidhèn uga duwé hak veto undhang-undhang. Mahamantri dipilih ing pamilihan multi parté lan diangkat/ditunjuk saka parté mayoritas sawijining koalisi mayoritas. Minangka kepala papréntahan, Mahamantri ngepalani Dewan Mantri utawa Kabinet.

Kabinet Papréntahan Timor Wétan:

  • Kabinet 1975
  • Kabinet Pamaréntah Konstitusional Pisanan (Primeiro Governo Constitucional)
  • Kabinet Pamaréntah Konstitusional Kaloro (Segundo Governo Constitucional)
  • Kabinet Pamaréntah Konstitusional Katelu (Terceiro Governo Constitucional)
  • Kabinet Pamaréntah Konstitusional Kapapat (Quarto Governo Constitucional)

Parlemèn Timor Wétan mung dumadi saka siji kamar waé lan ingaran Parlamento Nacional. Anggotané dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taun. Jumlah kursi ing parlemèn antara 52 lan 65 nanging wektu iki cacahé ana 65. Undhang-Undhang Dhasar Timor Wétan didhasaraké konstitusi Portugal.

Angkatan Bersenjata Timor Wétan yaiku FALINTIL-FDTL (F-FDTL), déné angkatan kapulisèné yaiku PNTL (Polícia Nacional Timor-Leste).

Kabupatèn (dhistrik)

    Artikel utama: Distrik ing Timor Wétan

Timor Wétan kanthi administratif dipérang dadi 13 dhistrik:

  • Aileu
  • Ainaro
  • Baucau
  • Bobonaro
  • Cova-Lima (Suai)
  • Dili
  • Ermera
  • Lautem
  • Liquica
  • Manatuto
  • Manufahi (Same)
  • Oecussi-Ambeno (Pasisir Makasar)
  • Viqueque (Cabira-Oan)

Jeneng-jeneng kang ana sajeroning tandha kurung iku ejaan alternatif kang sok dianggo ing mangsa Integrasi.

Ékonomi

    Artikel utama: Ékonomi Timor Wétan

Timor Wétan péngin bisa eksploitasi lenga patra ing tlatah Celah Timor (Timor Gap), nanging kaya-kaya angèl kanggo ngéntukaké dévisa kang gedhé ing Celah Timor amarga Australia wis ngiming-imingi Timor Wétan kanthi pengelolaané lan Australia éntuk 80% saka kasilé lan sisané diwènèhaké marang Timor Wétan. Australia uga ngalang-alangi Timor Wétan supaya ora bisa nguwasani Celah Timor kanthi penuh, kanthi ngulur-ulur wektu parampungan tapel wates nagara.

Sanajan wis mardika, Timor Wétan isih gumantung banget marang pasokan barang-barang saka Indonésia, wiwit saka bahan pangan (sembako) nganti bahan bakar lenga (BBM) mligi liwat provinsi Nusa Tenggara Wétan (Indonésia). Australia naté nyoba nguasani dhistribusi barang-barang kabutuhan sadina-dina nanging gagal amarga kelarangen lan kurang ditepungi déning rakyat Timor Wétan. Saliyané gumantung banget kanthi pulitik marang mantan panjajah Portugal, Timor Wétan ngadhopsi dhuwit dolar Amérika Sarékat minangka piranti kanggo dol-tinuku kang ngakibataké daya beli rakyat anjlok dibandingaké karo nalika isih dadi provinsi Indonésia.

Dhémografi

    Artikel utama: Dhémografi Timor Wétan

Taun 2005 kang ndunungi Timor Wétan dikira-kira cacahé 1.040.880 jiwa. Padunung Timor Wétan wujud campuran antara bebrayan Melayu lan Papua. Mayoritas kang ndunungi Timor Wétan nganut agama Katulik (90%), banjur Protèstan (5%), Islam (3%), lan sisané Buda, Hindhu, lan ilèn kapercayaan (2%). Amarga mayoritas kang ndunungi nganut agama Katulik, saiki ana rong kabiskopan (diosis) yaiku: Diosis Dili lan Diosis Baucau kang nyakup papat dhistrik pérangan wétan Timor Wétan. Basa resmi Timor Wétan yaiku basa Tetun lan basa Portugis. Déné basa Inggris lan basa Indonésia dipilih minangka basa makarya meiturut konstitusi Timor Wétan.

Basa

Wiwit mardika taun 2002, sawisé ana ing ngisor papréntahan transisi PBB ing taun 1999, dhedhasar konstitusi, Timor Wétan mung ngakoni 2 basa nasional yaiku basa Tetum lan basa Portugis. Sajeroning konstitusi disebutaké 2 basa kang didadèkaké basa makarya yaiku basa Inggris lan basa Indonésia. Sajeroning praktek sadina-dina, masarakat akèh migunakaké basa Tetum minangka basa ucap. Sauntara basa Indonésia akèh dipigunakaké kanggo nulis. Upamané bocah sekolah ing tataran SMA isih migunakaké basa Indonésia kanggo ujian pungkasan. Akèh mahasiswa lan dosèn luwih milih migunakaké basa Indonésia minangka basa pengantar lan nulis karangan ilmiah.

Deleng uga

  • Pratélan nagara
  • Asia

Pranala njaba


Distrik lan Kutha ing Timor Wétan Timor Wétan: Sajarah, Pulitik, Kabupatèn (dhistrik) 
Distrik:

Aileu | Ainaro | Baucau | Bobonaro | Cova-Lima | Díli | Ermera | Lautém | Liquiçá | Manatuto | Manufahi | Oecussi-Ambeno | Viqueque

Kutha: Aileu | Ainaro | Baucau | Dili | Gleno | Liquiçá | Lospalos | Maliana | Manatuto | Pante Macassar | Same | Suai | Viqueque

Cithakan:Asia Tenggara

Tags:

Timor Wétan SajarahTimor Wétan PulitikTimor Wétan Kabupatèn (dhistrik)Timor Wétan ÉkonomiTimor Wétan DhémografiTimor Wétan BasaTimor Wétan Deleng ugaTimor Wétan Pranala njabaTimor Wétan20 Mèi2002AsiaAustraliaDiliIndonésiaPBBPulo

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WinduTiongkokCangkrimanKenongMarie AntoinetteAsem asetatGajah gajahMidodareniSandy WalshA. RafiqSemen Padang FCSocaSrengéngé mlethèkSamuel RizalKethukGunung MerapiPandhawaSoe Hok GieRakunꦱꦼꦩꦶꦂꦱꦼꦥꦠꦸAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Afrika KidulGangsaSisingamangaraja XIISurat An Nisaa’DasanamaNathan Tjoe-A-OnjaringsanaMétabolismeZlatan IbrahimovićTegesé Aksara JawaSasandoSpanyolSalafiyahCrash Landing on YouTvOneSultan AgungJawaKendel ngringkel, dhadhag ora godhagMauritiusIndonésiaRaditya DikaGunung Fuji1998JepangBauwarnaManganBeras kencurWayang bèbèrPocong NgesotKutha NgayogyakartaKabupatèn LebakPejuPangéranPratélaning upacara adat JawaRoger DanuartaGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraHimalayaUyon-uyonBasuki Tjahaja PurnamaSandhanganKaum TsamudRafael StruickPurwakanthiYupiterSeaborgiumImam NawawiKendhiWatak🡆 More