Panganan Sekolah

Panganan Sekolah ya iku panganan, biasané kanggo mangan awan, sing diladi déning pamaréntah kanggo siswa ing sekolah.

Tren, kandhutan nutrisi, lan ékonomiwis gawétatanan panganan ing sekolah ngendi-endi ing wektu tartamtu. Cara ngedol lan panyengkuyung kanggo gawé panganan sing luwih sehat minangka rong faktor utama sing mrebawani marang paugeran panganan sekolah ing pirang-pirang negara .

Panganan Sekolah
Panganan sekolah ing Amerika Serikat ing taun 1941

Éropa

Inggris

Ing taun 1944, panganan sekolah wujud mangan bengi sing dadi kewajiban pamaréntah daérah kanggo minangkani butuhing nutrisi sing diprayogakaké. Panganan sekolah diwènèhaké kanthi gratis marang kulawarga ora duwé. Mula iku tembung "mangan bengi ing sekolah" (school dinner) wis dadi istilah sing nuju menyang mangan bengi padatan ing Inggris wiwit taun 1950-an. "Ager-ager sekolah" ya iku jeneng saka panganan sing miturut sujarahé diladekaké ing sekolah, contoné roti tar gyps lan roti tart Manchester minangka tuladhané.

Ing taun 1980-an pamaréntah konservatif Margaret Thatcher mungkasi program mangan ora mbayar kanggo éwon bocah lan mènèhi tugas kanggo panguwasa lokal kanggo nyedhiyani panganan sekolah liwat tender. Hal iki duwé ancas kanggo nyuda bea negara, nanging nyebabaké mudhuné mutu panganan kanggo bocah-bocah. Ing taun 1999, survey déning Konsulat saka Panaliten Kesehatan Inggris nemokaké menawa, sanadyan mutu panganan dianggep luwih ala, nanging bocah-bocah ing taun 1950-an nduwéni diet sing luwih apik dibandingaké bocah-bocah ing taun 1990-an amarga panganané duwé nutrisi sing luwih apik kanthi kandhutan gajih lan gula sing luwih sithik.

Kaanan Iki dadi parembugan ing taun 2004 nalika tukang masak Jamie Oliver mimpin kampanye kanggo ningkataké mutu panganan sekolah. Nalika iku, panganan sekolah sing diladékaké wujud panganan instan kaya ta kripik kentang, nugget, pizza, lan pai. Nalika program iki tontonaké ing Channel 4, (Jamie's School Dinner), masarakat wiwit mènèhi panyengkuyung marang bea panganan sekolah, nyebabaké pamaréntah gawé School Food Trust. Topik iki dadi parembugan utama ing Pilihan umum Britania Raya 2005.

Finlan

Panganan Sekolah 
Mangan awan sekolah ing Finlan sing wis asring, diladekake ora mbayar  kanggo kabèh siswa

Program panganan sekolah ora mbayar kanggo siswa sekolah dhasar lan sekolah menengah wis dadi program nasional wiwit 9 Oktober 1948. Nanging, ing sawenèh panggonan ing Finlan, program iki wis diwiwiti awit abad kaping-20, ya iku wiwit taun 1902 ing Kuopio sing wiwitané mung kanggo siswa ora duwé, lan banjur kanggo kabèh siswa ing taun 1945. Ing Finlan, mangan awan ing pawiyatan luhur disubsidi. Panganan sing diladekaké kudu sehat kanthi gizi setimbang.

Rujukan

Tags:

Panganan Sekolah ÉropaPanganan Sekolah RujukanPanganan Sekolah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Basa PortugisYenSpanyolGeorge WashingtonStatistikaJanet JacksonManchester City F.C.Wingko babatRNAHeather StormParamasastra JawaWortelSurat As SajdahMilimèterIndhiDadar gulungWangsiTembung sesulihPanamaSurat Al JinOklahoma6BarakudaYovie And The Nuno1929BengkuluIsraèlBumiMichael Jackson3RuwatanRambakTransponderSepasaranBasa JepangDhomain publikKarajan ManunggalNusantara2004WaferIstanbulMicrosoftLisabonRépublik Rakyat CinaF1945Filem ilangUbuntuSurat Al FathBraunschweigAfrikaTembung éntarMasjidPrancisAdobe Flash8Wong JawaImperium BritaniaTudhung klitorisÉropa KulonAfrodhit1989OstenrikParikanPapaAsiaAbimanyuMyanmarRuslanAlkitabGCenil🡆 More