Yen

Yèn iku valuta Jepang.

Simbol: ¥; utawa ing basa Jepang: ( en?).

Yen
Dhuwit logam Jepang, ¥1, ¥5, ¥10, ¥50, ¥100, ¥500

Pamaréntah Jepang ngukuhaké valuta Yèn wiwit 27 Juni 1871 dhedhasar Shinka jōrei (angger-angger papréntahan ngenani valuta anyar). Minangka lambang dipigunaaké tenger ¥ lan miturut ISO 4217 dilambangaké minangka JPY. Yèn ditulis mawa romaji dadi Yèn lan dudu En, amarga ing akir jaman Keshogunan Tokugawa, aksara katakana エ (e) diwaca minangka "je". Ing wektu iku, kutha Edo ditulis minangka "Yedo", Pulo Ezo minangka "Yezo", lan Ebisu ditulis minangka "Yebisu".

Ana sapérangan panjlasan ngenani asal-usul panggunaan aksara kanji ( en?, bunderan) kanggo nulis lambang valuta Jepang. Salah sijiné ya iku tradisi wong Jepang nglambangaké dhuwit mawa bunderan kang diwangun saka driji panunjuk lan jempol. Ōkuma Shigenobu nelakaké kabèh wong Jepang mesthi ngerti yèn aksara kanji kanggo "bunderan" tegesé dhuwit. Panjlasan liya nelakaké dhuwit logam wanguné bunder, saéngga aksara kanji kanggo bunderan dipigunaaké kanggo nyebut dhuwit. Ing wektu iku ing Hong Kong diwetokaké dhuwit logam mawa tulisan Hong Kong ichi en (香港壱圓?), lan ditiru pamaréntah Jepang kang migunakaké aksara kanji 圓 kanggo nglambangaké valuta Jepang, nanging migunakaké aksara kanji wangun anyar.

Ékan valuta Jepang sadurungé taun 1953:

  • sen (銭): 1/100 saka 1 Yèn (¥1 = 100 sen)
  • rin (厘): 1/1000 saka 1 Yèn (1 sen = 10 rin, ¥1 = 1000 rin)

Kanthi dhasar undang-undang angger-angger valuta 1953, panggunaan ékan sen lan rin ora dilarang miturut hukum, nanging kanthi praktek ora dipigunaaké manèh. Ing jaman saiki, ékan sen lan rin mung karan-sebut ing bursa saham lan kurs valuta asing.

Wiki Yen
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Tags:

Basa JepangJepangPitulung:Basa JepangValuta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat As Sajdahꦠꦺꦠꦿꦶꦱ꧀Cathetan padinanKriptonNitrogenAmérika SarékatTifaMikha TambayongAriana GrandeMateri petengDavid BeckhamJawaLemperWikiquotePranatacaraRama TambakWektu Indonésia pérangan TengahMichelle BranchJambiIftarIqbaal Dhiafakhri RamadhanKaskusUdohOkeVisionSèntimèterSurat Ali ImranFotosintèsisKroasiaPasisir GadhingProvinsi CuneoTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Baksoꦧꦺꦏꦼꦭꦤ꧀LaravelSangkuniRampage (filem 2018)Tudhung klitorisMohammed Sameer LamiPiknik wudaAndika Naliputra WirahardjaISO 4217IndonésiaEllyas PicalGongLindhuJoko WidodoKabupatèn BengkayangBatulicin, Tanah BumbuHelmy YahyaNagita SlavinaUlujami, Pesanggrahan, Jakarta KidulKolintangSochiJangka sorongWangsalanPétrukPanganan saka Jawa Tengahꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦧꦱꦗꦮHeather StormMikèl ArtétaSidratul muntahaChantal Della ConcettaPé mantaKomputerKodhokCristiano RonaldoMetaforaPada madyaKabupatèn KendhalOstraliLionel Messi13 FèbruariCésar AzpilicuetaWikimania2 April🡆 More