Persatuan Myanmar (uga dikenal minangka Burma) iku nagara ing Asia Kidul-Wétan.
Nagara kanthi wiyar 680 km² iki wus dipréntah déning papréntahan militèr wiwit kudeta taun 1988. Nagara iki sawijining nagara tumuwuh lan duwé populasi punjul 50 yuta jiwa. Kutha krajané ana ing Yangon sadurungé dipindhah déning papréntahan junta militèr ing Naypyidaw tanggal 7 November 2005.
Motto: Gabar Majay Bamar | |
Gunagita: Gba Majay Bma | |
Kuthagara | Nay pyi taw |
Brehakutha | Yangon |
Jawatbasa | Myanmar |
Papréntahan | Junta militèr |
• Presidhen | Myint Swe |
• Nayakotama | Min Aung Hlaing |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | 3,06% |
Population | |
• Pikira-kira 2006 | 51.000.000 (29) |
• Cacahjiwa - | - |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$74,1 miliar (63) |
• Saben wong | US$1.364 (165) |
Artacihna | Kyat (MMK) |
Laladan wektu | UTC+6:30 |
Nyetir ing | kanan |
Kodhé bèl | 95 |
TLD internèt | .mm |
Ing taun 1988, ana gelombang dhémonstrasi gedhèn sing nentang papréntahan junta militèr. Gelombang dhémonstrasi iki dipungkasi kanthi tindak kakerasan déning bala marang para demonstran. Luwih saka 3000 jiwa kaprejaya.
Sajeroning pemilu 1990 parté pro-dhémokrasi pimpinan Aung San Suu Kyi menang 82 persèn swara nanging asil pemilu iki ora diakoni rezim militèr sing kuwasa.
Owah-owahan jeneng saka Burma dadi Myanmar dicakaké déning papréntahan junta militèr tanggal 18 Juni 1989. Junta militèr ngowahi jeneng Burma dadi Myanmar supaya ètnis non-Burma ngrasa dadi péranganing nagara iki. Sanadyan mangkono, owah-owahan iki ora diadopsi déning donya internasional sakabèhané.
Sawetara nagara Éropah kaya Inggris lan Irlandia sing ora ngakoni legitimasi kakuwasan junta militèr tetep nganggo jeneng "Burma" yèn tegesé nagara mau.
PBB, sing ngakoni hak nagara kanggo nemtokaké jeneng nagarané, migunakaké jeneng Myanmar, semono uga Prancis lan Jerman. Ing Jerman, kamentrian jaban rangkah migunakaké Myanmar, nanging mèh kabèh média Jerman migunakaké Burma.
Pamaréntah AS, sing ora ngakoni legitimasi kakuwasan junta militèr tetep migunakaké Burma nanging mayoritas média gedhé kaya The New York Times, CNN lan Associated Press migunakaké Myanmar.
Myanmar dipérang dadi pitung praja (pyine) lan pitung divisi (yin). Divisi mayoritas dipanggoni ètnis Bamar, sauntara praja ( ) mayoritas dipanggoni ètnis-ètnis minoritas tinamtu. Saben praja lan divisi banjur dipérang manèh dadi dhistrik-dhistrik.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Category:Myanmar. |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Myanmar. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Myanmar, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.