Martabak

Martabak (saka basa Arab مُطبَّق mutabbaq) yaiku panganan khas asli saka Wétan Tengah.

Aksara Latin
     

Martabak iku kalebu jinising panganan prasaja nanging patut kanggo pasugatan tamu. Panganan iki gampang anggoné nggawé, utawa yèn wegah nggawé ya gampang anggoné golèk (tuku). Jajanan iki mathuk yèn didhahar karo tèh utawa kopi. Wiwit saka masarakat ékonomi ngisor nganti masarakat kang ékonominé dhuwur uga seneng panganan martabak.

Martabak
Martabak endhog

Jinising martabak

Martabak 
Martabak legi

Martabak iku akèh banget jinisé, nanging sing paling disenengi iku ana rong jinis, yaiku

  1. Martabak manis utawa sing diarani kue terang bulan lan uga ana sing ngarani kué bandung. Martabak manis iki isèn-isèné racaké soklat, kacang, keju lan miturut kasenengané sing gawé.
  2. Martabak endhog. Banjur yèn martabak endhog isiné ya endhog, nanging uga ana sing diisi daging kaya ta daging ayam utawa wedhus utawa sapi.

Bahan

Martabak manis, digawé saka adonan glepung terigu, kang wis dicampuri karo endhog, margarin, susu, baking powder, gula. Bahan kanggo isi martabak manis bisa diisi kacang, soklat, keju, lan apa kang dadi kasenengané sing nggawé. Éwadéné martabak endhog, digawé saka adonan glepung terigu kang gedhéné padha karo ukuran endhog pitik. Adonan iku mau bahané terigu, endhog, uyah, lan banyu sacukupé. Banjur bahan kanggo isiné bisa diwènèhi unclang, daging, endhog, lan godhong bawang.

Cara nggawé

Martabak manis, jladrèné iku dipanasaké ing wajan, lan diisi karo soklat, kacang, lan liya-liyané kaya sing dipengini. Ditunggu jladrèné nganti mateng, kira-kira 10 menit banjur martabaké wis siyap dimaem.

Martabak endhog, jladrèné iku dibanting, ditipisaké lan diuncalaké ana ing sèng utawa kanggo nggawé martabak iku. Banjur yèn jladrèn wis tipis, jladrèn digorèng ing wajan banjur diisi karo daging, unclang, janganan, lan bumbu. Yèn wis digorèng lan diisi sayuran banjur adonan diwolak-walik, sawisé iku dientèni limang menit banjur martabak siyap dicawisaké ning méja lan dimaem. Déné martabak endhog iku padatan digawé saka glepung terigu, endhog, lan godhong bawang.

Cathetan suku


Tags:

Martabak Jinising martabakMartabak BahanMartabak Cara nggawéMartabak Cathetan sukuMartabakBasa ArabKopiTèhWétan TengahÉkonomi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

LemperSepasaranTom HollandSadéwaDavid BeckhamA.C. Chievo VeronaLombokTobey MaguireBasa JawaGita WirjawanNeptuNawawi al-BantaniGaruda Wisnu KencanaTitiek PuspaPlanitBasa SangsekertaSurat Al An’amLintang alihSaridin (Syeh Jangkung)DhandhanggulaBuwana AmérikaRengginangBèkelanArjuna SasrabahuJurudemungSurat Al Anbiyaa’FosforTembung sesulihSurat Ar RuumPizza HutSepi ing Pamrih Ramé ing GawéJagoThe Sessions (filem)Gambyong pareanomRerengganWingko babatMijilKiyamatSengkalanSoehartoviètnamBlangkonAnwar FuadyOstraliSurtanahPiala Dunia FIFA 2014KalkulusKutha SurabayaIrfan BachdimNajelaa ShihabVenusMarsSaturnusHamtaroÉjakulasiSesorahLaptopEris (planit)SoedirmanIkeaOrdo (biologi)RamaBleachMahfud MDMark van BommelPangidhèntifikasi Obyèk DigitalUmpan gaweanThe ChangcutersBillie EilishTuakAljabarRossaYupiter🡆 More