Laudya Chintya Bella: Paraga wadon saka Indhonésiya

Laudya Chintya Bella lumrahé diundang Bella (lair ing Bandung, 24 Fèbruari 1988; umur 36 taun).

Laudya Chintya Bella iku salah sijiné bintang sinétron, aktris kang asalé saka Indonesia. Film lan sinétron kang tau dibintangi Laudya Chintya Bella ya iku Virgin, Lentera Merah. Leloroné kalebu filem kang misuwur. Déné sinétron kang misuwur kang tau dibintangi Bella ya iku Senandung Masa Puber lan Juragan Jengkol. Saliyané akting main filem lan sinétron, Laudya Chintya Bella uga tau nyanyi bareng karo grup vokal asuhan Melly Goeslaw kang jenengé Bukan Bintang Biyasa. Ing grup vokal iki, Bella nyanyi bareng karo artis remaja liyané kaya ta Raffi Ahmad, Chelsea Olivia Wijaya, Dimas Beck, lan Ayushita. Laudya Chyntia Bella duwé zodiak Pisces lan shio Naga. Bella iku anak kang kaping papat saka sadulur kang cacahé papat.

Laudya Chyntia Bella
Lair (1988-02-24) Fèbruari 24, 1988 (umur 36)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Penyanyi, Model
Taun aktif2002–saiki
BojoEngku Emran Engku Zainal Abidin (o. 2017; peg. 2020)
Karir musik
Génre
  • Pop
  • Pop Dansa
PirantiVokal
LabèlAquarius Musikindo
Sing magepokan
  • BBB
Laudya Chintya Bella: Filmografi, Sinetron, Iklan
Laudya Chintya Bella

Lumantar filem Virgin, Laudya Chintya Bella sinau akting saka Eka D. Sitorus, pengasuh Sakti Acting School Jakarta. Bella banjur kepilih dadi salah sijiné nominasi artis utama wadon kang paling apik ing Festival Film Indonesia (FFI). Bella uga dadi Aktris Terpuji ing Festival Film Bandung (FFB) nalika taun 2004.

Laudya Chyntia Bella uga tau dadi bintang ing filem kang judhulé CINTA REMAJA, LENTERA MERAH dan BUKAN BINTANG BIASA. Lumantar sinétron kang judhulé JURAGAN JENGKOL, Laudya Chyntia Bella bisa dadi aktris paling top versi SCTV Awards nalika taun 2006.

Ing babagan asmara lan pacar Laudya Chyntia Bella tau pacaran karo Rivaldo, Rafi Ahmad lan putu saka Présidhèn Soeharto ya iku Panji Trihatmodjo lan pembalap Ananda Mikola. Sawisé pacaran karo Ananda, Bella fokus ing kariré lan main sinétron kang judhulé CINTA BUNGA. Sawisé main ing sinétron iki Laudya Chyntia Bella banjur main manèh ing sinétron Cinta Bunga 2. Ing kéné Laudya Chyntia Bella banjur cinta lokasi karo lawan mainé ya iku Chicco Jerikho. Nanging Laudya Chyntia Bella ngaku yèn jarang ketemu Chicco Jerikho amarga padha-padha sibuk syuting.

Filmografi

Film kang dibintangi Ladya Chintya Bella.

  • Virgin (2004)
  • Lentera Merah (2006)
  • Berbagi Suami (2006)
  • Bukan Bintang Biyasa (2007)
  • Love (2008)
  • Kuntilanak 3 (2008)
  • Suka Ma Suka (2009)
  • Cowok Bikin Pusing (2011)
  • Di Bawah Lindungan Ka'bah (2011)

Sinetron

Sinetron kang dibintangi Laudya Chintya Bella.

  • Senandung Masa Puber
  • Kisah Sedih Di Hari Minggu
  • Cerita Si Angel
  • Cuek Nanging Cinta
  • Akulah Arjuna
  • The Pakis 1
  • The Pakis 2
  • Virgin The Series
  • Juragan Jengkol
  • Pengen Jadi Bintang
  • Cinta Remaja
  • Romantika Remaja
  • Legenda Episode Bawang Merah Bawang Putih
  • Bunga
  • Cinta Bunga
  • Cinta Bunga 2
  • Tasbih Cinta
  • Amira
  • Cinta Nia
  • Kesetiaan Cinta

Iklan

Iklan kang dibintangi Laudya Chintya Bella.

  • XL (2008)
  • GARNIER (2010)

Single

Lagu kang dinyanyekake Laudya Chintya Bella.

Komedi

Komedi kang dibintangi Laudya Chintya Bella.

  • Extravaganza ABG

Album

Album kang dibintangi Laudya Chintya Bella.

  • Let's Dance Together (Single 2006 Bareng BBB)
  • Soundtrack Bukan Bintang Biyasa (2007)

Prestasi

Prestasi kang ditampa Laudya Chintya Bella.

  • Juara Favorit Putri Jawa 2003
  • Juara 2 Model Kawanku 2002
  • Finalis Putri Bobo 1997
  • Aktris Favorit SCTV AWARD 2005
  • Juara 1 Model di Bandung

Cathetan suku


Tags:

Laudya Chintya Bella FilmografiLaudya Chintya Bella SinetronLaudya Chintya Bella IklanLaudya Chintya Bella SingleLaudya Chintya Bella KomediLaudya Chintya Bella AlbumLaudya Chintya Bella PrestasiLaudya Chintya Bella Cathetan sukuLaudya Chintya Bella198824 FèbruariAktrisArtisAyushitaBandungDimas BeckFilemIndonesiaMelly GoeslawNaga (shio)PiscesRaffi AhmadSinétron

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JawaMichael JordanShayne PattynamaCitraanWignyanMahfud MDNéonYouTubeWarangganaHidayat Nur WahidSahurMakruhLouis IX saka PerancisSurat Al LahabPréinan YahudiPersija JakartaMuhammad Quraish Shihabꦏꦼꦩ꧀ꦥꦾꦁSugriwaSitrusꦤ꧀ꦗꦮꦤꦶMacaSandhanganMirepoixMonumèn NasionalBrokohanꦈꦮꦼꦢ꧀Yahoo!ISBNꦧꦸꦥꦠꦶJasa Tirta IIꦧꦺꦴꦤꦁi6tmiMichelle ObamaSunita WilliamsKuala LumpurNike ArdillaUpacara tingkebanMyanmarTumpengMetro-Goldwyn-MayerPada guruGugon tuhonAksara CarakanWikinewsNgilé, Tulakan, PacitanS.S. LazioGajah gajahPariwaraNovèlPanganan tradisionalLabuhan HandadéntaÈngklèkMia KhalifaGmailUkara gothangPencak silatCiri wanci lelai ginawa matiPimchanok Leuwisedpaibool (Fern)Wadya BayaranBlangkonPada pangkatPâtisserieAnoman DutaManganJesse JamesEmma WatsonYodiumKabupatèn Deli SerdangWektuUla marani gebugWikibooks🡆 More