Raffi Ahmad duwé jeneng dawa Raffi Faridz Ahmad (lair ing Bandung, Jawa Barat, 17 Fèbruari 1987; umur 37 taun).
Dhèwèké ya iku presenter, aktor, lan penyanyi kang asalé saka Indonésia.
Raffi Ahmad | |
---|---|
Lair | Raffi Faridz Ahmad Fèbruari 17, 1987 Bandung, Jawa Barat, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Jeneng liya | Raffi Ahmad, Sultan Andara |
Pakaryan | Artis, Penyanyi, YouTuber, Presenter |
Taun aktif | 2001 - saiki |
Dhuwur | 172 cm (5 ft 8 in) |
Bojo | Nagita Slavina (o. 2014) |
Anak | Rafathar Malik Ahmad, Rayyanza Malik Ahmad |
Wong tuwa |
|
Dulur | Alshad Ahmad (sepupu) Gya Sadiqah (sepupu) Tarra Budiman (ipar) |
Kulawarga | Syahnaz Sadiqah (adik) Nisya Ahmad (adik) |
Karir musik | |
Génre | Pop |
Piranti | |
Labèl | MyMusic Record Swara Sangkar Music |
Sing magepokan |
|
Raffi Ahmad iku anak pambarep saka sadulur kang cacahé 3. Raffi Ahmad iku anak saka pasangan Munawar Ahmad (alm) lan Amy Qanita. Raffi Ahmad miwiti kariré dadi aktor. Nganti saiki Raffi Ahmad isih main sinétron, FTV lan filem layar lebar utawa biyoskup. Saliyané dadi aktor, Raffi Ahmad uga duwé karir dadi bintang iklan, presenter lan penyanyi.
Sepisanan main ing sinétron, Raffi Ahmad main dadi pemeran pendukung ing sinétron kang judhulé Tunjuk Satu Bintang, Raffi Ahmad banjur misuwur sawisé main ing sinétron Senandung Masa Puber. Ing sinétron iki dhèwèké main dadi pemeran utawa bareng karo Bunga Citra Lestari. Sawisé iku, Raffi banjur main ing sinétron-sinétron lan FTV remaja nganti filem biyoskup.
Ing akir taun 2006, musisi Melly Goeslaw nganakaké casting kanggo grup vokal Bukan Bintang Biyasa, kang kondhang kanthi jeneng BBB. Proyek iki dikhususké kanggo juru main sinétron remaja Indonésia. Saka akéhé pesinetron kang mèlu audisi, pungkasané kepilih Raffi Ahmad, Laudya Chintya Bella, Chelsea Olivia Wijaya, Dimas Beck, lan Ayushita. Single kang sepisanan saka grup iki ya iku Let's Dance Together. Single iki ditampa apik karo masarakat. BBB banjur dadi bintang ing filem kang judhulé Bukan Bintang Biyasa The Movie kang disutradarai karo Lasja Fauzia. BBB banjur nggawe single anyar kang judhulé Bukan Bintang Biyasa. Single iki banjur misuwur ing kalangan remaja. Dhuet Raffi karo Ayushita ing lagu Jangan Bilang Tidak bajur dadi single sawisé BBB.
Ing taun 2009, Raffi Ahmad uga dadi artis kang paling laris lan dadi presenter program Dahsyat. Ing program iki Raffi Ahmad banjur dikenal dadi presenter. Kajaba iku Raffi Ahmad uga dadi presenter ing program anyar kaya ta Rafi Wkwkwk lan OMG. Ing program iki, Raffi Ahmad dadi presenter karo Olga Syahputra. Nanging Raffi Ahmad uga tetep éksis ing akting. Kajaba iku Raffi Ahmad uga main ing filem-filem FTV, sinétron Buku Harian Baim, OKB kang dilakoni nganti saiki.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Raffi Ahmad, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.