Kulawarga Basa Turk

Kulawarga basa Turk iku kulawarga basa mawa anggota basa cacah telung puluh lima kang dicaturaké wong-wong Turk saka Éropah Wétan lan Madya Bawana tekan Sibèri lan Cina Kulon.

Kulawarga basa Turk asalé saka sawijining tlatah ing Asiah Wétan kang jembaré saka Cina Kulon tekan Mongol. Tlatah mau dinuga dadi panggonané wong-wong kang ngendikan basa purwa Turk watara 2.500 taun kapungkur. Ing tembé, wong-wong mau banjur ngelar jajahan tekan Asiah Tengah lan terus mengulon dhèk milénium kapisan.

Turk
PasebaranSaka Éropah Wétan tekan Cina Kulon lan Sibèri
Pepanthaning basaSalah siji kulawarga basa pokok ing jagat
Basa purwaPurwa Turk
Turun
ISO 639-5:trk
Glottologturk1311
{{{mapalt}}}
     Kidul-kulon (Oghuz)

     Kidul wétan (Uyghur)      Khalaj (Arghu)      Lor-kulon (Kipchak)      Chuvash (Oghur)

     Lor-wétan (Siberian)

Turkic basa kang dipocapake minangka native basa déning sawatara 170 yuta wong, lan nomer total Turkic pamicara, kalebu liya-basa pamicara, iku liwat 200 yuta. Ing Turkic basa karo nomer paling saka pamicara punika turki, ngandika mligi ing Anatolia lan Balkan, native speakers kang akun kanggo bab 40% saka kabèh Turkic pamicara.

Fitur-fitur kang dadi titikané basa Turki kaya ta laras-swara (vowel harmony), aglutinasi, lan tanpa jèndher ing paramasastra (grammatical gender) ana kabèh ing basa-basa anggotané kulawarga basa Turk. Sawenèh basa ing kulawarga basa Oghuz uga banget isih padha silih sumurup kaya ta basa Turki, basa Azerbaijan, basa Turkmén, basa Qashqai, basa Gagauz, basa Turki Gagauz Balkan, lan Tatar-Krim kang kadayan basa Oghuz. Sanajan anggoné nggolongaké basa-basa anggotané ana warna-warna, kulawarga basa Turk lumrahé dipantha dadi pang utawa golongan cacah loro: (1) kulawarga basa Oghur, kang anggotané saiki mung kari basa Chuvash, lan (2) kulawarga basa Turk Lumrah, kang anggotané mono kabèh basa saliyané kang karan mau, kalebu kulawarga basa Oghuz.

Titikané kulawarga basa Turk sawenèhé uga sairib karo titikané kulawarga-kulawarga basa kiwa-tengené ing Asiah Wétan kaya déné kulawarga basa Mongol, kulawarga basa Tungus, kulawarga basa Koréa, lan kulawarga basa Jepang. Kabèh kulawarga basa mau biyèn tau ditunggalaké dadi kulawarga basa Altai. Irib-iriban kang cetha karo kulawarga basa Ural mandar tau njalari tuwuhé hipotèsis anané kulawarga basa Ural-Altai. Mangkonoa, ora ana yekti kang cukup kanggo gawé dudutan mungguh anané kulawarga-kulawarga basa kang gedhé-gedhé mau. Mungguh anané irib-iriban, kang mangkono saiki mung ingaran tembé-buriné gegepokan basa (language contact) kang rowan-rowan (èstènsif) dhèk jaman prasajarah.

Réferènsi

Tags:

Bangsa TurkikKulawarga basaRépublik Rakyat CinaSegara TengahSibèriaÉropah Wétan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Parto PatrioEris (planit)FosforGendhingKethukJangka sorongMahfud MDLos AngelesPulusDurmaTembung entarDhakonDavid BeckhamAmber HeardSurat Al 'AnkabuutKhulafaur RasyidinWisanggeniLegawaSisingamangaraja XIINagasariLionel MessiSrengéngé mlethèkRizky NazarVladimir PutinLaura BasukiPokémonIndonesiaGambang SulingSurat Al Anbiyaa’Jefri NicholKeshogunan TokugawaTokugawa IeyasuGanjar PranowoSurat Ar RuumMontorDuryodanaBiskopUmar bin Abdul AzizOrdo (biologi)BaworMa'ruf AminWadya BayaranStadion SiliwangiMangsa pancarobaEmil DardakGambangJohannes KeplerBani UmayahTaun wuntuwordpressBale Sigala-galaBudaPortegalCharmanderAthletic BilbaoIrfan BachdimAsian Football ConfederationKutha BatuJu JingyiJeruk purutPawadonanBuwana AmérikaSepongSurat Al JinDagestanChristopher Columbus2020-anSrengéngéPlutoAgeng TirtayasaOstraliIowaSepur Joglosemarkerto22 MèiBanjir🡆 More