Kucai

Kucai (Allium tuberosum Rottler ex Spreng.

Kucai
Kucai
Kembang kucai
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Monocots
Ordho: Asparagales
Famili: Alliaceae
Génus: Allium
Spésies: A. tuberosum
A. ramosum
Jeneng binomial
Allium tuberosum
Allium ramosum

lan A. ramosus), utawa bawang kucai lan godhong kucai, dikenal dadi sayuran godhong. Kucai lumrahé dimasak kanthi ngiris cilik-cilik. Ing Indonésia, kucai jarang dianggo kanggo nggawé masakan. Kucai lumrahé dianggo kanggo nggawé masakan amarga ana budaya Tiongkok, kaya ta bubur ayam. Ing masakan Tiongkok utawa Jepang, kucai kalebu bahan kanggo campuran isi Jiaozi (Gyōza).

Kucai godhongé tipis lan trepes. Kembang kucai wernané putih, saka kembang iki banjur dadi wiji nalika kembangé wis garing. Wiji kucai bisa didhedher manèh saéngga dadi thukulan kucai anyar. Saliyané nganggo wiji kucai uga bisa ditengkaraké sarana njupuk péranganing grombolan kucai banjur ditandur dhéwé ing panggonan kang béda. Pethilan pérangan iki banjur dadi ngrembaka lan mbentuk pérangan dhompolan wit kucai manèh.

Kucai béda karo lokio ("bawang batak", A. chinense), A. schoenoprasum L (chives). Tuwuhan iki godhongé silinder lan ana bolongan ing tengahé. Kucai ambuné mirib kaya bawang tinimbang kaya lokio, saéngga ing basa Inggris, kucai diarani garlic-chives lan ing basa Jerman kucai diarani Knoblauch-Schnittlauch.

Godhong kucai ambuné kuat lan krasa rada kenthel, béda karo ambuné godhong prei (A. porrum) utawa daun bawang (A. cepa, A. fistulosum, A. ascalonicum). Saliyané godhongé, kembang kucai uga kena kanggo bumbu utawa rempah-rempah kang nggawé sedhep masakan.

Yèn dideleng saka kandhutan giziné, kucai utawa Allium tuberosum gandhut gizi kang apik. Saliyané iku sayuran kucai uga ngandhut akèh serat pangan, vitamin lan mineral. Nanging kucai bisa njalari ambune awak lan pérangan tutuk nduwéni aroma kang ora énak. Bau badan iki disebabaké amarga kucai ngandhut sulfur kang nalika kucai dipangan sulfur iki banjur mèlu ngresep ing aliran darah. Sawisé iku banjur ditokaké dadi kringet liwat kulit. Ambuné tutuk kang ora énak amarga ana sisa kucai ing untu kang keri nalika mangan kucai. Sisa kucai iki nggawé tutuk rada ora énak ambuné.

Sanajan ngono, sulfur kang ana ing kucai ora saakeh bawang. Nanging ambu tutuk kang ora énak iki lumayan ngganggu. Kucai kang digoréng ambuné luwih sithik tinimbang kang dimasak nalika seger. Iki amarga sulfur ora kuwat nalika dipanasaké.

Cathetan suku


Tags:

Bubur ayamBudayaIndonésiaJepangJiaoziMasakanSayuranTiongkok

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BaworTotohanSitrusSurat Adh DhuhaTèknologi informasi2020-anHentaiPangarep-arepNitrogenPanambangNagaraWiki FoundationPecelJesse JamesCut Nyak MeutiaMa Dong-seokWalang sangitLiputan 6 PetangRatu KalinyamatLemperyogaKarnaMacaHiraganaGongWong BantenAdulWulu kéwanPramoedya Ananta ToerLuna MayaKerisMacapatJawa TengahGulagJamur merangTrimurtiBeetAhmad DahlanAnwar FuadyGarasi (band)BauwarnaNafa UrbachAbdulrahman SalehJurnalistikKunirZhang ZiyiBanyuKasurDian SastrowardoyoTembagaSandy WalshSesebutan bangsawan JawaWeightlifting Fairy Kim Bok-jooAlina KukushkinaWindows 95ArjunaWhitney HoustonBonang barungSathya Sai BabaMikul dhuwur, mendhem jeroAgamaBenazir BhuttoBabad Tanah JawiPangeran AntasariAnak Jalanan (sinetron)RerengganGeni.comSrah-srahanCut Nyak DhienJustin Bieber🡆 More