Jenéwa (Prancis: Genève, Jerman: Genf, Italia: Ginevra, Reto-Roman Genevra) yaiku kutha paling padhet kaloro ing Switserlan (sawisé Zürich), dumunung ing pinggir Tlaga Jenéwa kang mili menyang Kali Rhône.
Jenéwa Genève | |
---|---|
Info dhasar: | |
Nagara: | Switserlan |
Kanton: | Jenéwa |
Dhistrik: | Kutha Jenéwa ora dipérang ing dhistrik |
Dhuwur: | 375 méter sadhuwuring sagara |
Jembar: | 15.86 km² |
Padunung: | 185.893 (31 Dhésèmber 2006) |
Situs wèb resmi: | www.ville-ge.ch |
Péta | |
Kutha iki minangka kutha krajan saka République et Canton de Genève. Kutha iki uga misuwur minangka Kutha Air Mancur ing Nagara Switserlan
Kutha Jenéwa iku ana ing nagara Switserlan, luwih tepaté ing Kanton Jenéwa. Kanton Jenéwa diwatesi nagara Prancis ing sisih kulon lan sisih kidul. Ing sisih lor lan lor-wétan, Kanton Jenéwa diwatesi déning Kanton Vaud. Ing tengah-tengahé ana tlaga, jenengé tlaga Leman, kang uga dadi duwèké nagara Prancis.
Sanadyan kutha Jenéwa kawentar ing ngendi-endi, sajatiné kutha iki kutha cilik, amarga cacahing wong kang manggon ana ing kutha iki ora punjul wong 180.000. Saka cacahé iku, kurang luwih 30% wongé saka nagara liya kang manggon lan nyambut gawé ana ing Jenéwa. Cacahé wong ana ing Kanton Jenéwa uga sithik, ora punjul wong 430.000.
Jenéwa kondhang lan cukup kawentar amarga:
Nagara Switserlan duwé patang (4) basa kang dienggo, yaiku basa Jerman (60-70 persèn), basa Prancis (18-20 persèn), basa Italia (8-10 persèn) lan basa Romansh, kurang luwih 1-2 persèn. Kanton-kanton kang nganggo basa Prancis dijenengi kanton Romand (aja klèru karo Romash). Jenéwa iku kutha gedhé dhéwé ing Switserlan Romand, lan basa utama kang dienggo yaiku basa Prancis. Nanging akèh wong Jenéwa kang bisa ngomong basa Inggris, mergané akèh wong manca nagara kang ora bisa basa Prancis.
Agama Kristen Protèstan aliran Kalvin diwiwiti ing kutha iki. Jenéwa uga diarani kutha krajané Protèstan Kalvinis. Gréja utama ing Jenéwa yaiku Katedral Santo Petrus, ndhisiké gréja Katulik, kang saiki dadi gréja Protèstan. Sanadyan, tradhisi protèstan isih kuwat banget, naging gunggung jiwa kang duwé paugeman Katulik luwih akèh tinimbang Protèstan, amarga ing wiwitan abad 20 akèh désa-désa Katulik Prancis kang cedhak karo Jenéwa, mèlu dilebokaké ing kanton Jenéwa. Uga amarga akèh wong-wong Portugal, Spanyol lan Italia kang pindhah saka nagara-nagarané lan netep ing Jenéwa. Saliyané Katulik lan Protèstan, uga gampang ditemoni wong-wong kang paugemané Islam, Hindhu lan Buda. Akèh uga wong-wong enom kang ora perduli manèh karo agama, lan ora duwé agama.
Kutha Jenéwa minangka markas saka sawatara organisasi internasional, antarané:
Kanggo transportasi saka lan menyang kutha Jenéwa, ana Papan Anggegana Internasional Cointrin Jenéwa lan kutha iki uga lumebu sajeroning jaringan utama sepur Switserlan, SBB-CFF-FFS lan Prancis yaiku sepur TGV.
Obyèk pariwisata utama Jenéwa iku Jet d'Eau (jet-banyu utawa banyu muncrat) kang dhuwuré 140 mèter ing tlaga Jenéwa lan bisa ditonton saka saindhenging kutha. Panggonan wisata liyané antarané: Flower Clock, Art and History Musiyum (Musiyum Seni lan Sajarah), International Red Cross and Red Crescent Musiyum (Musiyum Palang Merah lan Bulan Sabit Merah Internasional), sarta Palais des Nations kang dadi markas PBB ing Éropa.
Wiki Commons duwé médhia ngenani Geneva. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Jenéwa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.