Inferno iku filem thriller misteri saka Amérika kang bakal metu ing taun 2016 kang disutradarani Ron Howard lan naskahé ditulis déning David Koepp, dhedhasar saka novèl taun 2013 kang irah-irahané padha anggitané Dan Brown.
Filem iki minangka sèkuèl saka filem The Da Vinci Code lan Angels & Demons, lan filem iki dibintangi Tom Hanks, mbalèni perané kang lawas minangka Robert Langdon, lan uga Felicity Jones, Omar Sy, Sidse Babett Knudsen, Ben Foster, lan Irrfan Khan.
Inferno | |
---|---|
Disutradarani | Ron Howard |
Diprodhuseri |
|
Diskénariyoni | David Koepp |
Adhedhasar | Inferno déning Dan Brown |
Dibintangi |
|
Dimusiki | Hans Zimmer |
Sinématografi | Salvatore Totino |
Dibesut déning |
|
Perusahaan prodhuksi | Imagine Entertainment |
Dibabar déning | Columbia Pictures |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 121 menit |
Nagara | Amérikah Sarékat |
Basa | Basa Inggris |
Filming diwiwti ing tanggal 27 April taun 2015 ing Venice, Italia, lan wrapped ing tanggal 21 Juli taun 2015 ing Budapest. Filem iki dijadwalaké bakal digebyakaké ing wulan Oktober taun 2016 ing format 3D, 2D, lan IMAX.
Robert Langdon wungu saking satunggalipun griya sakit ing Florence, Italia, lan mboten patos saget ngemut-emut punapa kemawon ingkang naté kadadosan sadèrèngipun. Lajeng piyambakipun, déning satunggalipun tim ingkang kapimpin déning dokter Sienna Brooks, kabiyantu supados énggal-énggal saget pulih.
Ing tanggal 16 Juli 2013, Sony Pictures Entertainment ndhapuk Ron Howard supados ngarahaken film ingkang kaangkat saking buku kaping sekawan anggitanipun Dan Brown jejudhul Inferno, ingkang skénarionipun dipunserat déning David Koepp. Imagine Entertainment dipunpracaya ingkang mbiayai sedaya kabutuhan prodhuksi, sawatara Tom Hanks maragakaken malih minangka Robert Langdon. 26 Agustus 2014, Sony sampun napakasmani kontrak kaliyan Howard lan Hanks, supados film punika dipungarap wiwit wulan April ing Italia. Brian Grazer ugi sumadya dados juru gamel, sesarengan kaliyan Howard.
Ing tanggal 2 Dhésèmber, Felicity Jones ngrumiyini nyawiji wonten ing film punika. 17 Fèbruari 2015, studio mratélaaken babagan para juru paraga ingkang badhé nyengkuyung ing antawisipun Jones minangka Dr. Sienna Brooks, Omar Sy minangka Christoph Bruder, Irrfan Khan minangka Harry "The Provost" Sims, lan Sidse Babett Knudsen kadhapuk dados Elizabeth Sinskey, pimpinanipun Badan Kesehatan Dunia (WHO). Ben Foster menyusul kemudian bergabung pada 10 Maret 2015.
Ing wulan Agustus 2014, Deadline ngedalaken giyaran bilih film punika badhé dipunwiwiti wonten sasi April 2015 ing Florence, Italia. Pamundhutan gambar ugi badhé kalaksanaaken ing Venice lan Istanbul.
Ing sasi Juli 2013, Sony netepaken bilih film badhé kababar wonten tanggal 18 Dhésèmber 2015, nanging tanggal punika sesaringan kaliyan adicara babaripun film Star Wars: The Force Awakens, lajeng dipun-gantos wonten tanggal 14 Oktober 2016.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Inferno (filem 2016), which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.