iTunes ya iku siji piranti alus saka Apple Computer kang bisa muter, ngorganisasi lan tuku lagu (saka iTunes Store).
Piranti lunak iki ana ing versi kang bisa dijalanake migunakaké sistem operasi Mac OS X, Windows 2000, XP lan Vista. Versi iTunes kang sadurungé uga bisa dijalanaké ana ing Mac OS 9 nanging saiki Apple wis ora nyediakaké manèh. Piranti iki wis duwé reputasi amarga gampang olehe nganggo lan organisasi lagune kang apik. Sadurungé metu iTunes, siji perusahaan piranti alus Casady & Greene wis bisa gawé siji piranti pamuter lagu kang dijenengi SoundJam MP. Apple banjur nuku piranti iku saka Casady & Greene lan sisan ngawa programmer cacahé saka perusahaan mau kanggo nyiptake iTunes. Versi iTunes kang pisanan bisa didelok meh padha karo SoundJam MP mung ditambah dengan kemampuan kanggo ngrekam lagu menyang CD lan sapérangan owah-owahan penampilane. Kanggo versi sabanjuré Apple wis miwiti nambahake fitur-fitur liyané.
Pangembang | Apple Inc. |
---|---|
Rilis pisanan | 9 Januari 2001 |
Versi rilis terbaru | 5.1.2 / 12.december 2011 |
Sistem operasi | Mac OS X, Microsoft Windows |
Ukuran gambar | ~75 MB (bervariasi menurut OS) |
Basa | 19 basa |
Jenis | Pemutar médhia |
Lisènsi | Perangkat gratis tak bébas |
Situs web | www.apple.com/itunes |
iTunes duwé fitur kang mungkinake panganggoné kanggo ngorganisasi, ngowahi informasi lan ngrekam lagu saka CD. Saliyané iku iTunes uga bisa ngirim lagu menyang perangkat pemutar lagu, iPod, lan uga tuku lagu saka iTunes Store migunakaké layanan internet. Salah siji fitur iTunes kang apik ya iku kemampuane kanggo gawé Smart Playlist kang muwujudake siji playlist kang bisa ngubah isiné nalika panganggo nglakokaké manipulasi marang lagu kang ana ing koleksine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article ITunes, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.