François Duvalier ingkang dipunkenal minangka Papa Doc (lair 14 April 1907 – pati 21 April 1971 ing umur 64 taun) inggih punika Présidhèn Haiti saking taun 1957 lan ing wuri minangka diktator (Présidhèn sadanguning gesang) wiwit taun 1964 dumugi piyambakipun séda.
Pamarèntahanipun dipuntandhani déning otokrasi, korupsi, lan pangginaan bala pribadi (Tonton Macoute) saperlu njagi kakuwasanipun.
François Duvalier | |
---|---|
Présidhèn Haiti | |
Linggih 22 Oktober 1957 – 21 April 1971 | |
Kang sadurungé | Antonio Thrasybule Kebreau (Ketua Dewan Militer) |
Kang sawisé | Jean-Claude Duvalier |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 14 April 1907 Port-au-Prince |
Pati | April 21, 1971 | (umur 64)
Papa Doc miyos wonten ing Port-au-Prince wonten ing sawijining kulwarga saking Martinique. Piyambakipun sinau dados dhokter, lan nglayani wonten ing tlatah-tlatah padésan. Ing mrika piyambakipun pikantuk pujian amargi mbiyantu tiyang-tiyang miskin merangi tipus lan lelara-lelara sanèsipun. Piyambakipun palakrama kaliyan Simone Ovide nalika taun 1939, lan dados direktur jenderal pelayanan keséhatan nasional taun 1946. Nalika taun 1949, piyambakipun dipunangkat dados mantri Keséhatan lan Tenaga Kerja. Sasampuning nentang kudeta Paul Magloire, piyambakipun kapeksa ndhelik dumugi dipunbiwarakaken amnesti nalika taun 1956.
Kanthi panyengkuyung saking bala, Duvalier menangi pemilu Haiti 1957. Piyambakipun nindakaken kampanye minangka satunggaling pamimpin populis, kanthi migunakaken strategi noirist—kanthi nengenaken warni kulitipun ingkang cemeng lan nentang kaum elit mulatto sarta ngimbau dhateng mayoritas rakyat Haiti-Afrika.
Duvalier ngesangaken mallih tradisi vodun lan ugi migunakakenipun kanggé nindakaken konsolidasi kakuwasanipun. Piyambakipun ugi ngaku piyambakiun minangka houngan (imam agung vodun). Duvalier sengaja nedahaken dhirinipun mirib kaliyan Baron Samedi wonten ing upaya kanggé dadosaken dhirinipun langkung ngyakinaken. Piyambakipun asring migunakaken kacamata gelap lan ngendika kanthi nada grana ingkang kiyat, ingkang dipunasosiasikaken kaliyan Loa.
Nalika taun 1986, 15 taun sasampuning piyambakipun séda, kerangka Duvalier dipundhudhuk lan pikantuk paukuman mati.
Kang sadurungé Antonio Thrasybule Kebreau | Présidhèn Haiti 1957-1971 | Kang sawisé Jean-Claude Duvalier |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article François Duvalier, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.