Epy Kusnandar: Paraga lanang saka Garut, Jawa Wétan

Epy Kusnandar punika salah setunggaling aktor Indonésia kelairan 1 Mèi 1964.

Epy punika asalipun saking Garut, Jawi Kilèn. Nalika taksih sekolah wonten ing SMP, Epy Kusnandar sampun remen dhumateng seni peran saha aktif wonten ing téater. Sasampunipun lulus SMA nalika taun 1983, Epy lajeng ngalami mangsa vakum wonten pendhidhikanipun, sasampunipun punika Epy nembé nglajengaken kuliyah wonten Institut Kesenian Jakarta (IKJ) nalika taun 1989. Sasampunipun punika Epy ugi aktif wonten ing sanggar téater kados ta Pantomim Sena Didi saha Theater Aristokrat. Salajengipun, Epy akting wonten ing tivi saha layar jembar. Epy gadhah kepénginan supados saged kados aktor Slamet Rahardjo saha Didi Petet.

Epy Kusnandar
Epy Kusnandar: Paraga lanang saka Garut, Jawa Wétan
LairEpy Kusnandar
Pakaryanaktor

Epy naté palakrami kaping kalih. Epy ugi dipunvonis kénging lelara kanker otek. Sanajan wonten dhokter ingkang nedahaken manawi lelara punika boten saged dipunobati saha gesangipun Epy kantun sekawan wulan malih nanging Epy boten nyerah. Epi lajeng nindakaken terapy herbal.

Epy misuwur lumantar kalompok komedi ingkang dados maskot salah setunggaling rokok. Salajengipun Epy pikantuk tawaran kanggé main wonten ing sinétron kanthi irah-irahan "Asyiknya Geng Hijau". Kajawi punika Epy ugi akting wonten ing sinétron "Kejar Kusnadi" (2005) ingkang dipunsiyaraken wonten ing RCTI. Wonten ing sinétron punika, Epy akting dados sopir Kancil sareng kaliyan Kusnadi. Artis sanèsipun ingkang akting wonten ing sinétron punika inggih punika Alya Rohali, Aom Kusman, Ratna Riantiarno, Beddu, saha Anjana Demira. Kajawi sinétron punika, Epy ugi akting wonten ing filem "I Love You, Om". Epy ugi akting dados Dadang, inggih punika tokoh satpam ingkang gadhah garwa tiga wonten ing sinétron komèdhi "Suami-Suami Takut Istri".

Cathetan suku


Tags:

196419831989Didi PetetGarutInstitut Kesenian JakartaJawa KulonMèiSMASMPSlamet RahardjoTéater

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Kerata basaPrancisNarkobaAndhika PratamaWayangAlgaPiala Dunia FIFA 2014BaronganGaruda Wisnu KencanaDhomain publikDewan Perwakilan RakyatMikha TambayongBimasektiTahu campurTrembakaWalandaPanulisé tembung peprenahanGFDLKleponJatinangor, SumedangNeptunusJakartaShinzō Abe22 MèiDanny WelbeckSetatsiyun CepuMbobotBabi Panggang KaroTembung aranSiriusGambyong pareanomCarita Aji SakaSurat Al HadiidPallywoodSurat Al QadrIowaC++Emil Dardak2006PawadonanWhitney HoustonBiskopKapuloan MalukuWikipédiaSepfy LiaDarius SinathryaWinona RyderKartiniDina MarianaAntimonLuna MayaTedhak sitènGanjar PranowoPerang Yom KippurAryo WahabSt. PetersburgDenzel WashingtonFilem pornoJepangRamaPanakawanSengkalanLiputan 6 Petang800DagestanMahfud MDRuwahanInul DaratistaLucien Lévy-BruhlTemulawakAngga Aldi YunandaAsteroidIsih penak jamanku toIndonésiaRizky NazarWektu🡆 More